Mohon tunggu...
Candra Kristianto
Candra Kristianto Mohon Tunggu... Guru - Guru

Saya adalah seorang guru SMP

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Tradisi Ruwatan

1 Maret 2024   07:33 Diperbarui: 1 Maret 2024   07:38 127
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ruwatan kuwi asale saka tetembungan ngruwat sing artine yaiku ngopeni. Dene Upacara Ruwatan kuwi nduweni teges ngresiki, lan nyucekake menungsa saka kasusahan batin kanthi ngenengake upacara kang biasane nanggap wayang purwa kanthi lakon Murwa Kala.Ruwatan iku salah sijining upacara adat Jawa sing ancas tujuwane kanggo mbebasake manungsa, utawa wilayah saka ancaman babaya. Inti upacara ruwatan iki sejatine ndonga, nyenyuwun pangayoman marang Gusti Allah saka ancaman babaya- babaya umpamane bencana alam lan liyane, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan sing wis nate dilakoni, sing bisa nyebabake bencana utawa sing dianggep bakal nuwuhake sungkawa.

Upacara Ruwatan iku sejatine asale saka cerita wayang purwa, yaiku sinebut Murwakala utawa Purwakala. Purwa ateges asal utawa pembuka, Kala artine piala utawa bencana. Dadi, Purwakala tegese asal saka bencana. Crita kasebut nyritaake babagan asal-usul lahire raseksa jenenge Kala.

https://www.kbknews.id/kala-marica-mbalela/
https://www.kbknews.id/kala-marica-mbalela/

Crita singkate ngene, ing sawijining wektu Bathara Guru lagi omong-omongan karo garwane, yaiku Dewi Uma. Kekarone mabur aneng dhuwur samudra numpak lembu Andhini. Wusanane wenihe Bathara Guru tanpa kajarak tiba aneng Samodra, lan malih dadi raseksa bajang sing gedhe. Raseksa kuwi mau mabur menyang kayangan nggoleki bapake, yaiku Bathara Guru. Bathara Guru ngakoni menawa kuwi putrane, lan raseksa kuwi dijenengake Bathara Kala. Kala takon karo bapake, menungsa sing kepriye sing ethuk dadi mangsane. Bathara Guru njawab, yaiku manungsa sing kalebu anak sukerta, yaiku sing duweni nasib sial amarga lairane utawa menungsa sing nduweni dosa. Kala medhuk menyang alam donya lan nggoleki mangsane. Bathara Guru lagi sadar menawa sing kalebu anak sukerta kuwi akeh banget. Menawa Kala ora dicegah menungsa aneng donya bakal enthek dipangan Kala. Wusanene Bathara Guru nduweni syarat kanggo anak sukerta menawa ora pengen dipangan Bathara Kala kudu nganakake upacara Ruwatan. Lan Kala bakal bali asale menawa disangoni sesaji. Amarga kuwi, kanggo ngilangake sial, wong Jawa nganakake upacara Ruwatan kanggo anak sukerta, kanggo ngusir Bathara Kala. 

Upacara Ruwatan nganggo nanggap wayangan sing lakone Bathara Kala, karo nyediaake sesaji kanggo sangu Bathara Kala lunga menyang panggonane.Menungsa kang ngalami sukerta yaiku ontang-anting (anak siji lanang utawa wadon), Kembang sepasang (kembar), Sendhang apit pancuran (lanang, wadon, lanang), Uger-uger lawang (anak loro lanang kabeh), Pendhawa (anak lima lanang kabeh), Kedhana-kedhini (anak loro lanang wadon), Gondhang kasih (anak loro beda pakulitane, siji ireng siji putih), Dhampit (anak loro lanang wadon kang laire bareng).

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun