Ayo kanca-kanca padha nguri-uri budaya jawi
(biasane yen dho ngerayu podho nganggo boso inggeris, jare ben romantis,, tp nganggo boso jowo yo ora kalah romantis loh cah., sing boso inggeris suk di bahas ono ing catetan liya)
Salah sawijining lelagon ono ing budaya jawi yaiku tembang golongan macapat. Lan salah sawijining tembang macapat iku tembang asmaradana.
Tembang macapat "asmaradana" iku guru lagu lan guru wilangane ono ing sak ngisor iki :
8i 8a 8é 7a 8a 8u 8a
1 pada (7 gatra)
Tuladha, tembang asmaradana kangge Laila :
- duh laila indahsari (8i)
- sakyektine nguda rasa (8a)
- amung kasih pangarepé (8é)
- cahya ginawa raga (7a)
- cah ayu ingkang tak tresna (8a)
- duh sliramu pepujanku (8u)
- saktenane aku tresna (8a)
matur nuwuuuun :)