Mohon tunggu...
Banyumas Maya
Banyumas Maya Mohon Tunggu... Administrasi - Karena Berbagi Tak Pernah Rugi, Teruslah Berkarya

Anak desa yang bersahaja mencoba Belajar Menulis Menjadi Pewarta Warga [Citizen Journalism]

Selanjutnya

Tutup

Catatan

[banyumasan] Rajab mangsané Nandur

24 Mei 2014   15:46 Diperbarui: 23 Juni 2015   22:09 119
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Sing jeneng wektu kuwe pancen mbingungi manut pikirane inyong. Ujarkune tembe puwasa lan bada winginane jebul cempulek sedhela maning wis arep puasa. Siki wis mlebu wulan rajab sing uga ana dina istimewa yakuwe ananing perkara isro lan miroje kanjeng Nabi Muhammad.

Isro kuwe perjalanane njeng Nabi kawit sekang masjidil haram butul mesjid Aqso. Lah angger miroj kuwe perjalanane baginda nabi Muhammad saking Masjidil Aqso tekan sidratul Muntaha. Perkarara kuwe kedadian nang wulan rajab yakuwe tanggal pitulikur.

Angger menurute inyong sing blakane mawong tiyang bodho, kedadian isro lan miroj kuwe nggo penglipur ati lan pikirane Kanjeng Nabi utawa kena diarani plesir. Perjalanan sing pancen akeh pisan pelajaran lan hikmahe. Kayadene perjalanane kita sedaya umat menungsa. Nang kana (isro miraj) digambaraken sawerna-werna wujude menungsa ananing ndunya.

Kanti ananing peristiwa isro lan miroj kuwe, kita sedaya kedah semangat ngadepi uji lan cobaning urip. Gusti Alloh ora bakal sare mesthi ngerti apa sing dirasakna lan di gayuh umate. Mula aja cilik ngati, mayuh pada di adepi perkara-perkara ananing ndunya, jere basa bocah enome kuwe move on. Berubahlah senajana kuwe mung selangkah.

Lah sajroning wulan rajab kuwe ana sing ngarani wulan tinandur. Mergane napa? Nang wulan rajab kuwe wulane nggo nandur wijining amal utawa gaweyan. Angger wulan sadran ya kena nggo matun lah angger wulan puwasa kuwe sing jenenge panen. Panen sing tikel matikel hasile gole nandur kabecikan.

Mula mumpung mesih mlebu wulan rajab, mayuh pada di akeh-akehi bekal amal. Ditanduri pegawean sing maen lan becik. Jerene angger nandur apik ya bakale panen apik. Lan sapa nandur kuwe bakal ngunduh. Mayuh bareng-bareng padha nandur kabecikan kelawan ikhlasing manah. Nuwun…

Mohon tunggu...

Lihat Catatan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun