Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Filsafat Artikel Utama

Sèndhèn Kayu Jati (Bersandar Kayu Jati)

24 Maret 2015   12:32 Diperbarui: 17 Juni 2015   09:07 281
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption id="attachment_357170" align="aligncenter" width="495" caption="Sanajan bonggol yen saka kayu jati, regane larang tur apik lan kuat."][/caption]

Sapa waé mêsthi ngêrti kayu jati kuwi salah sijiné kayu sing kuat, ora gampang gapuk sanajan kêna udan panas, rayap ora doyan, trutus ora têdhas, lan kêmbangané apik. Mula kayu jati kêrêp digawé kuda-kuda, kusèn, lawang, cêndèla, lan pêrabotan omah. Kayata: mèja kursi, lêmari, lan ambèn. Malah bonggolé kayu jati uga kêna kanggo pêrabotan sing migunani kaya sing daktulis ing kéné sêsasi kêpungkur.

Nanging saiki, golèk kayu jati kuwi angèl bangêt yen ta ana rêgané larang bangêt. Apa manèh sing ukuran gêdhé lan umuré wis puluhan tahun. Pancèn ana lawang cêndèla utawa lêmari lan mèja kursi sing digawé saka kayu jati ênom. Nanging ora bisa katon apik lan gampang mbênggang. Gampang mulèt lan bèngkong.

Aja nganti kêliru, ana kayu alas sing wujudé, warnané, lan kêmbangané mèmpêr kayu jati. Nanging ora atos uga gampang gaprêk lan dipangan trutus, arané kayu mindhi. Mula yèn tuku kayu jati, kudu didêlêng tênanan, aja lali dituthuk-tuthuk. Yèn swarané thok thok thok kuwi atêgês jati. Yèn swarané têk têk têk kuwi kayu mindhi.

[caption id="attachment_357171" align="aligncenter" width="495" caption="Alas jati ind Donomulyo, Malang."]

1427175061141368890
1427175061141368890
[/caption]

Ana unèn-unèn kaya mangkèné: ‘sèndhèn kayu jati’ Sing têgêsé uripé tansah kêpènak lan mulya jalaran wong tuwané sugih donya brana, mas picis,lan intên, têgal sawahe amba, rajakaya lan sato iwèné akèh. Wiwit biyèn nganti saiki, wong tuwa ora kêpingin para putrané urip sêngsara apa manèh kêtlarak. Mula tansah ngupaya supaya bisa urip mulya. Nanging akèh sing lali, yèn mulyakaké pêputra ora atêgês ninggali donya brana sing bisa ilang musnah. Apa manèh donya brana sing olèh saka cêcolong sanajan saka nêgara.

Uga ora salah yèn para putra sênêng sèndhèn kayu jati, nanging kayu jati kudu bisa kanggo pêrabotan sing migunani supaya ora musprah. Aja nganti kayu jati diêncèl-êncèl dadi cilik mung bisa kanggo gagang gêgaman utawa gandhèn. Apa manèh mung bisa diobong kanggo api-api.

Sèndhèn kayu jati pancèn kêpènak, nanging yèn mung bisa sèndhèn kayu wadhang, glugu, uga kayu kêmbang malah mung sèndhèn pring ya ora apa-apa. Kêcukupan sandang, pangan, lan papan kuwi luwih bêcik tinimbang urip linuwih saka colong jupuk sing gawé cuwané liyan.

Nuwun…

Terjemahan Bahasa Indonesia

Bersandar di Kayu Jati

Siapa pun tentu mengetahui bahwa kayu jati merupakan salah satu kayu yang kuat, tak mudah lapuk sekalipun terkena hujan dan panas, anai-anai tidak suka, ngengat tidak mampu memakannya, dan teksturnya bagus. Maka dari itu, kayu jati sering digunakan untuk kuda-kuda, kusen, pintu, jendela, dan perabotan rumah. Seperti: meja kursi, lemari, dan tempat tidur. Bahkan bonggol kayu jati juga dapat digunakan untuk perabotan yang berguna seperti yang pernah saya tulis di sini sebulan yang lalu.

Tetapi sekarang mencari kayu jati amat sulit, kalau toh ada, harganya mahal sekali. Apalagi yang ukuran besar dan berumur puluhan tahun. Memang ada pintu, jendela, atau lemari dan meja kursi yang terbuat dari kayu jati yang masih muda. Tetapi tampak kurang bagus dan mudah renggang, bergelombang, dan bengkok.

Jangan sampai keliru, ada kayu hutan yang bentuk, warna, dan teksturnya hampir mirip kayu jati. Tetapi tidak keras atau mudah lapuk dan dimakan ngengat, namanya kayu mindhi. Maka dari itu, jika membeli kayu jati harus diperhatikan dengan jeli. Jangan lupa diketuk-ketuk. Jika suaranya tok tok tok artinya kayunya keras dan itu adalah kayu jati. Jika suaranya tek tek tek berarti itu kayu mindhi.

Ada peribahasa ‘bersandar di kayu jati’ Yang artinya senantiasa hidup berkelimpahan karena orangtuanya kaya raya penuh harta, uang emas, dan intan, sawah ladangnya luas, hewan ternak, dan unggasnya banyak. Sejak dulu hingga sekarang, orangtua tak ingin anak-anaknya hidup sengsara dan terlunta-lunta. Maka senantiasa berupaya agar bisa hidup sejahtera. Namun banyak yang lupa, jika kesejahteraan bukan berarti mewariskan harta benda yang bisa musnah. Apalagi hasil dari menipu, mencuri, dan korupsi milik negara.

Memang tak salah jika ada anak yang bersandar di kayu jati, tetapi kayu jati harus bisa dibuat menjadi perabotan yang berguna supaya tidak sia-sia. Jangan dihancurkan atau dipotong kecil-kecil, hanya bisa dijadikan pegangan senjata atau pemukul. Apalagi hanya bisa dibakar untuk perapian di saat musim dingin.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun