Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Mekare Anggrek Bulan

11 Juli 2020   06:04 Diperbarui: 11 Juli 2020   06:30 242
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

"Kula nggih mboten sekeca menawi Mas Danarto kepeksa krama kaliyan kula namung amergi Eni mbetahaken ibu. Krama menika kawitanipun  namung ati...." wangsulane Rahayu nalika ditakoni Eyang Putrine Eni apa gelem rabi karo Danarto.
"Apa iki ateges kowe ora gelem?"
"Inggih mboten mekaten...."
"Danarto ngono ya ana ati marang sliramu nanging isih durung bisa lali karo bojone sing durung setahun tinggal donya. Menawa uga isih isin durung suwe bojone ora ana kok wis arep rabi maneh."
0  0  0
Purnamasidhi wengi iki durung jangkep jalaran isih tanggal 14 Jawa ananging suminaring candra kaya nggawa pawarta bunga kanggo Rahayu kang lagi bingung. Danarto satemene arep nuruti panyuwune ibu lan maratuwane apa ora. Dene yen pancen nuruti karepe wong tuwane apa ateges Danarto ya nresnani dheweke satuhu apa ora.
Saka cendela kamare sing isih durung diinep katon mendung putih saka kidul katut angin nutupi candra sing ndepis kaya wong nandang lara tan antuk jampi. Kaya dene Rahayu ngenteni thukule jamur sing diantu-anti sanajan saiki mangsa ketiga.
Rahayu banjur mengkurep lan keturon.
0  0  0
"Yu...Ayu...tangi Yu....," karo nggendhong Eni, emak e Rahayu nggugah.  Rahayu sing isih ngantuk rada jenggiratan weruh emak e nggendhong Eni.
"Sapa sing nggawa Eni rene, Mak...?" pitakone Rahayu bingung marang emak e.
"Mas Danarto... Wis ndang adus enggal pethukana."
Bar ngesun Eni sing kepingin njaluk gendhong, Rahayu mangkat adus lan salin.

Karo nggendhong Eni, Rahayu methuki Danarto sing lungguh ing ngarep karo emak e Rahayu.
"Apa Mas Danarto arep nglembur kok Eni diterake rene?"
"Ora. Saiki ulang tahun sepisan Eni. Dak jaluk sliramu dadi ibune Eni gelem ngancani dolan menyang Kebon Binatang. Aku wis pamit Emakmu...."

Rahayu mung ndingkluk ora kuwasa semaur. Karo rada mbrebes mili Rahayu ngesun Eni sing katon sumringah kaya Anggrek Bulan sing lagi mekar ing ngarep omahe.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun