"Aduh ngger anakku sing bagus. Telamaya kuwi panggonan ratune impen. Yen ngono kuwi pratandha kowe wis oleh wahyu bakal dadi ratu ing Tanah Jawa!" Jaka Tingkir meneng wae nanging mandeng Ki Ageng Sela karo ora percaya apa kang dirungokake.
"Saiki kowe budhala menyang Demak. Ing kana kowe bakal nemokake apa sang tau dak karepake anak turunku bakal dadi ratu. Nanging aku ora gela yen kowe bakal sing methik wohe..."
Jaka Tingkir sendheku nyuwun donga pangestu ing ngarsane Ki Ageng Sela sing akeh paring piweling lan pitutur gawe sangu urip. Jaka Tingkir budhal menyang Demak.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI