Nalika sinau babagan Basa Daerah, kawruh kula saya tuwuh lan ngrembaka. Kula nyadari bilih kabudayan Jawa punika ora mung sekadar tradhisi, nanging ngemot ajaran urip kang nglingak kita supaya tansah ngajni lan nglestarekak warisan leluhur. Salah siji pratanda kabudayan punika yaiku upacara Tedhak Siten, minangka wiwitaning lelampahan urip bocah nalika sepisanan nginjak lemah, saking pangkuan ibu tumuju donya nyata. Upacara punika lumrah katindakake nalika bayi wis umur pitu wulan miturut penanggalan Jawa, minangka pralambang manunggaling bocah kaliyan urip donya kang kebak pengalaman lan sinau.
Saka upacara kasebut, kula nyumurupi bilih saben unsur ing Tedhak Siten kagungan teges jero. Tangga saka tebu wulung nggambarake pangajab supaya urip anak tansah manis lan teguh. Kurungan pitik maringi piwulang supaya saben manungsa bisa milih dalan urip kanthi wicaksana. Banyu kembang minangka pralambang kasucn atin lan pangajab tumrap kabecikan. Kabh makna punika nglingak kita yn budaya Jawa tansah ngandharak piwulang bab sabar, tekun, lan eling marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Nalika nyerat pangraos refleksi punika, kula rumangsa yn Tedhak Siten dudu mung upacara adat, nanging minangka pangling kanggo wong tuwa lan anak supaya ora lali asal-usul lan tujuan urip. Wiwitan saka pangkuan ibu nganti tumekaning lemah nggambarake perjalanan urip kang kudu dilakoni kanthi rasa syukur lan katresnan.
Saka sinau babagan tradhisi punika, kula saya ngrasa bangga lan luwih ngerti maknan dadi wong Jawa. Nguri-uri kabudayan ora cukup mung kanthi nganakake upacara, nanging kudu ngugemi lan nglampahi nilai-nilai kang ana ing njero. Amarga saka iku, Tedhak Siten ora mung dadi bagian saka adat, nanging uga minangka piwulang urip kang wigati kanggo dijaga lan diwarisake marang generasi sabanjur.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI