Mohon tunggu...
Anang Susilowanto
Anang Susilowanto Mohon Tunggu... Guru - Guru Kelas UPTD SDN Ketapang Barat 5

Membaca dan mencoba hal baru adalah hal yang mengasyikkan

Selanjutnya

Tutup

Filsafat

Konco

28 Mei 2023   21:13 Diperbarui: 28 Mei 2023   21:30 115
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Filsafat. Sumber ilustrasi: PEXELS/Wirestock

Aku duwe konco sing podho sukwan nang salah sijine sekolahan negri ing Medhure kene. Bedhane aku dhadi guru ning dhe e dadi pesuruh merangkap petugas keamanan. Sukwan nang sekolahan  negeri opo maneh murid e saitik bayarane yo ra sepiro.

Untunge aku biyen duwe kegiatan cilik cilikan, dadhi ora mung ngandalke bayaran seko sekolaan sak durunge entuk sertifikasi. Gaweanku mung rental komputer, nanging nek pas orderan akeh yo nggarap tekan jam 1 utowo jam 2 iku biasa. Malah pernah 3 bengi mung turu 4 jam tok. Malem jumat ra turu blas, malem sabtu turu 4 jam, malem minggu begadang sewengi. Hasile masuk angin kasep, kepekso nang mantri lha wong kerikan ora ngefek .....

Dasar di didik prihatin, gawean opo wae tak lakoni. Biyen dek jaman kuliah angon bebek, ngingu lele wes tak lakoni. Nek jare bapakku ben sesuk nek urip prihatin ora kaget. Nek ndilalahe uripe penak tansah akeh sukur.

Kebeneran biyen pas kuliah angon bebek mergo ditantang konco iso ngingu bebek ra cah Medhuro iki. Mbasan ono hasile kancaku mung keplok lan nyanjung, wah iso tenan kancaku iki. Ning ngingu bebek iku yo penuh perjuangan, pernah golek dedak nang liyo deso mergo dedak nang deso dewe keentekan  mergo ono sing borong. Nggowo dedak 2 sak numpak jaran wesi Grand 92 wes  biasa.

Tau arep adol lele malah mati kabeh, padahal penjaluke bakule lele urip. Yo kepeksane di dol murah nang bakul lele goreng. Ra popo sing penting iso dadi duwit. Timbang dibuang turut dalan ?

Balik maneh nang kancaku mau, kancaku mau di didik dadi wong kepenak. Bapak e biyen PNS, meski mung pesuruh ning dhe e kendel nyekolahke SK. Anake makmur. Konco liyane mlaku po ngepit, kanaku mau wis numpak RX King.

Saiki, wis duwe anak bojo barang yo mung isone golek utangan.

Aku termasuk sing sering di sambati. Tembunge utang neng ra tau nyaur. Yo wes tak anggep sedekah wae. Sing penting ra ganggu beluse pawon.

Lha wingi kuwi pas udan deres kok deweke nang omah njaluk utangan sekian atus nggo bayar kontrakan anake. Anake kuwi biyen yo tau dadi muridku. Anake mau ceritane daftar angkatan nanging gagal, padahal digowo sedulure sing dadi tentara. Gandeng gagal lan ben ra ngannggur terus ngajokke lamaran nang ritel. Ceritane koncoku mau bar training langsung kon kerjo ra oleh mulih. Akhire bapakne sing golek utangan.

Akhire tak wenehi lan tak anggep sedekah wae sing penting ra ganggu beluse pawon. Idep idep melu nyokong murid e dewe. Le nyambut gawe sing tenanan yo le .....

Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun