Lihat ke Halaman Asli

Nguri-uri Budhaya Jawi, Nandur Nilai Luhur Ing Muda lan Mudi

Diperbarui: 18 Oktober 2025   19:53

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Foto Kelompok Tedhak Siten 

Mahasiswa Program Studi Pendidikan Guru Sekolah Dasar (PGSD) Kelas 2024H Universitas Negeri Surabaya nindakake kegiatan upacara Tedhak Siten minangka salah siji wujud nyata kanggo nguri-uri budaya Jawa. Kegiatan iki minangka bagian saka tugas mata kuliah Bahasa Daerah, kang ora mung ngupaya pangerten teori, nanging uga ngajari mahasiswa supaya bisa nyawiji karo kabudayan leluhur.

Upacara Tedhak Siten asalipun saking tembung tedhak (mlaku) lan siten (lemah/bhumi). Upacara iki lumrahe dipunlakoake nalika bayi wis umur pitung wulan utawa kira-kira 245 dina, minangka pralambang wiwitan panguripan anyar kanggo bayi sing wis bisa mlaku.

Tedhak Siten nduweni makna jero. Saliyane minangka ungkapan rasa syukur marang Gusti Allah, upacara iki uga minangka pangajab lan pangarep-arep wong tuwa supaya anake suk dadi pribadi sing becik, kuat, lan ngugemi kabecikan. Prosesi iki uga ngelingak menawa manungsa asal saka lemah, mula kudu eling lan andhap asor ing saben tumindak.

 

Urutane Tedhak Siten

1. Mbasuh Suku

Foto Prosesi Mbasuh Suku

Prosesi kapisan dipun wiwiti kanthi mbasuh sukunipun bayi ndhamel tuyo kembang setaman. Maknanipun, supados langkah gesangipun anak tansah resik lan rahayu. Prosesi punika ugi nglambangaken katresnan tiyang sepah dhateng anakipun, lan pangajab supados anak saged nglajengaken gesang kanthi suci batin lan raga. 

2. Ngelangkahi Jadah Warno Pitu

Foto Prosesi Ngelangkahi Jadah

Saklajengipun, bayi dipun tuntun mlampah nglangkahi jadah warno pitu. Pitu warna punika pralambang saking warna-warni dalan gesang, ingkang kapenuhan kabungahan, cobaan, saha piwulang. Jadah ingkang lengket ugi tegesipun rejeki lan katresnan ingkang tansah nyambung antawisipun manungsa. 

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline