Lihat ke Halaman Asli

Dandan Jawa Rasa Seoul: Tradisi sing Lestari, Gaya sing Anyar

Diperbarui: 14 Oktober 2025   13:04

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

 (Sumber: TikTok/ @hachipaa)

Apa kowe tau weruh manten Jawa sing paese tipis?, make up e lembut, nanging isih nganggo siger lan kebaya klasik?
Saiki tren manten Jawa wis ora kaya biyn sing "medhok" lan tebal. Riasan manten modern luwih milih tampilan natural, kulit cerah, bibir "nude", lan sentuhan Korean look sing lembut. Nanging, pitakone banjur muncul. Yen dandanane wis ora medhok, apa isih Jawa?

Ing jaman biyen, paes dadi simbol sakral. Lengkunge ora mung garis rias wae, nanging pralambang kesucian, kesetiaan, lan kematangan jiwa pengantin. Nanging saiki, generasi enom luwih seneng tampilan minimalis. Paes mung tipis, kadang mung diwakili eyeliner alus. Busana kebaya uga luwih simpel, kaine luwih enteng, nanging isih ngemu motif batik klasik.

Kahanan iki menarik, ana benturan antara tradisi lan tren global. Nanging, apa pancen kudu dipilih salah siji?
Siji-sijine jawaban iku, ora.
Kita ora kudu milih antara Jawa lawas utawa modern Korea, amarga sejatine budaya iku gesang, ora mung warisan tapi uga pengalaman sing terus diowahi zaman.

Coba pikir, dandan manten Jawa sing nganggo foundation lembut lan lip tint ora ngilangi makna "ngadi busana". Sing penting tetep ana rasa ajining diri, kesederhanaan, lan ketulusan, nilai-nilai sing ditekankan budaya Jawa.
Sing diganti mung carane, dudu ruhe.

Kita kudu eling, modernisasi ora mesthi nglunturake tradisi. Yen digarap kanthi rasa tresna lan paham maknane, malah dadi jembatan kanggo ngenalake budaya Jawa marang donya. Wong Korea wae seneng karo hanbok modern, kenapa wong Jawa ora bisa nggawe kebaya versi anyar sing tetep ngajeni akar?

Mula saka kuwi, nalika kowe ndeleng manten Jawa nganggo paes tipis lan make up glowing, aja langsung ngendika, "Ora njawani."
Coba rasakna luwih jero. Bisa wae ing njero pandelikan sing alus kuwi, ana rasa bangga sing jero dadi wong Jawa, sing ora mung njaga bentuk, nanging uga nguripak jiwa tradisi kanthi gaya anyar.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline