Lihat ke Halaman Asli

Any Sukamto

Belajar dan belajar

Cerpen | Salah Sambung

Diperbarui: 10 April 2020   13:49

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Pixabay. Com


Iseh isuk, HPne Yeni wes ngetokne suara tulalit, nandakne ana telepon saka Bagas. Karo setengah mecucu, Yeni nyaut barang gepeng sing njemunuk neng nduwur mejo."Haallo, ana apa, ta, Mas? Aku isih repot, lho. Engko wae, yo. Rada awan tak telpon maneh."

"Kowe kok sawangane ra seneng ditelpon, ta, Dik? Apa wes ra sayang? Apa ra kangen? Nadamu kok kaya wong nesu," pitakone Bagas.

"Aku kudu piye jal? Disayang, malah cuek ra ngreken. Dieman, malah bubrah ra nggenah. Diumbar, dadi mbanyaki lan mbebeki. Lha kuwi karepmu dewe apa kongkonan?" Yeni mbales takon.

Bagas meneng wae, bingung karo omongane Yeni. Wes sewulan Bagas pancen ora telepon Yeni, kajobo repot penggawean yo mergo ora nduwe pulsa. Saiki barang wes duwe duwet nggo tuku pulsa, Yeni ditelepon malah nesu.

Jam rolas awan, Bagas arep budal ngaso golek panganan. Nyambut gae wes mulai isuk, weteng wes krucukan njaluk diiseni. Sik lagi arep njupuk sepeda neng parkiran, HPne muni.

"Halloo, Mas Bagas, 

Pixabay.com

aku kangen. Kapan aku mbok jak mlaku-mlaku. Aku rindu pelukmu, lho, Mas." Suarane Yeni ngalem ning njero telepon."Hah, sapa iki? Salah sambung!" Telepon langsung dipateni karo Bagas. Rumongso iseh mangkel mergo isuk mau Yeni ditelepon ora nyenengne ati. Saiki ganti Bagas sing selak luwe, mbales tumindak e Yeni.

Sakwise weteng wareg, Bagas langsung kelingan Yeni. Nyoba telepon wong wadon sing dadi gantilane ati setaun iki. Angen-angen iso ngetokne uneg-uneg e ati mergo kangen.

"Nyapo neh, to, Mas? Aja ngrusuhi aku ae, to. Aku pancen iseh tresno karo Mas Bagas, nanging aku kudu ngerti keadaan, yen aku saiki dadi bojone uwong. Ora apik nek diterusne. Wes, to, golek o bojo wong liya."

Bagas bingung maneh. Nek ditelepon mesti wangsulane Yeni ngono, ora nyenengne ati. Nanging nek dekne sing telepon ngrayu-ngrayu kaya wong ngemis.

Ora suwi saka Bagas nyelehne telepon, lawang kamar kose Bagas ana sing nothok. Mung nganggo sarung lan kaos singlet, Bagas mbukakne lawang.

"Mas Bagas, aku kangen!" Yeni ujug-ujug nubruk Bagas nganti sarunge melorot.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline