Mohon tunggu...
Adi Laksono
Adi Laksono Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar sekolah

Voli

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Blangkon

21 September 2023   11:40 Diperbarui: 21 September 2023   11:52 219
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Blangkon iku sajinis panutup sirah kanggo wong priya sing kagawesaka bahan kain bathik utawa lurik. Blangkon sejatinéewujud modhern lan praktis saka iket. Ing busana tradhisional adat Jawa lan adat Sundha blangkon dianggo minangka pasangan karo busana beskap. (miturut Wikipedia)Ing jaman modern iki blangkon ono ing masyarakat Yogyakarta khususe gunungkidul uwes mulaiilang seka pikiran masyarakat. Blangkon seng uwes suwe dadi budaya warga jawa iki, mulai kegileskaro topi-topi seng dadi trend ing kalangan muda-mudi. Nek arep weroh jinis-jinis blangkon iso mbok woco ing ngisor iki:Ana sawetara jinis blangkon miturut adat ing papan panggonan tinamtu. Jinis blangkon antara liya:

1. Blangkon Sala, saka bahan bathik ora nganggo mondholan (trepes).

2. Blangkon Yogya, nganggo mondholan.

3. Blangkon Kedhu.

4. Blangkon Banyumas.

5. Blangkon Sundha, saka bahan bathik, ora nganggo mondholan.Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburine blangkon, makili modhel rambut priya singkerep dibundhel ing mburi. Blangkon modhèl trèpès, iku wujud sing umum blangkon gagragSurakarta. Gaya iki minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akèh-akèhé priya saikiarambut cendhak. Modhel trepes iki digawe kanthi njait langsung mondholan ing bagéan mburi blangkon. Saliyane saka suku Jawa , ana uga sawetara suku sing migunakake panutup sirah sajinis blangkon nanging béda wujudé, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalane.(Wikipedia)

Ing pikiranne para mudha jaman saiki, nganggo blangkon iku koyo ndadeke deweke tambah katrok,cupu, ketinggalan jaman lan sak liyan-liyane. Ningo nek awake dewe nganggo. Podo wae wes melunglestarekake budaya jawa. Dadi ora eneng seng jenenge wong jowo ilang jawane.Kenapa ora? Neng Daerah Istimewa Yogyakarta netapke dino blangkon saben minggune. Umpamanedino setu dadi dino blangkon, dadi saben dina setu bocah-bocah seklah do nganggo blangkon sekoSD, SMP, SMK, lan SMA. Dadine para pelajar ing kutho Yogyakarta duwe kekhasan karo kutho-kutho liyane.Aku nduwe pepinginan supoyo sesok blangkon iso dadi benda sing ora mung diweruhi wongYogyakarta tok. Ningo bisa diweruhi ing mata internasional. Dadine ora mung dingo warga Indonesianingo warga mancanegara

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun