Mohon tunggu...
350_Kevinda Satriatama
350_Kevinda Satriatama Mohon Tunggu... Mahasiswa/Universitas Negeri Surabaya

Saya merupakan seorang mahasiswa tahun ke-3 dengan program studi Psikologi. Saya memiliki minat terhdapa Politik, Olahraga, Ekonomi, dan Sejarah

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Mengenal Perbedaan Huruf Aksara Jawa dan Aksara Bali: Dua Warisan Leluhur yang Serupa Tapi Tak Sama

15 Oktober 2025   11:41 Diperbarui: 15 Oktober 2025   11:41 20
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
(Sumber gambar: Facebook Sejarah Nusantara Dan Kisah-ulama)

Nalika jaman sakiki kabeh serba digital, nanging tulisan tangan lan aksara lawas saya suwe saya langka. Nanging, ana siji bab sing isih dadi identitas budaya nusantara, yaiku huruf aksara. Saka sekian kabeh, ana loro sing paling mirip yaiku Aksara Jawa lan Aksara Bali. Pancen sekilas padha, ananging yen dipelajari luwih teliti maneh, loro-lorone nduweni beda sing unik lan menarik.

Aksara Jawa utawa biasa kasebut Hanacaraka kuwi turunan saka aksara Pallawa sing digunakake ing India Kidul. Saka kono mlebu menyang Nusantara lan dadi dasar aksara ing Mataram Kuno. Dene Aksara Bali, uga asal e saka sumber sing padha, ananging berkembang dewe ing lingkungan budaya Hindu sing kentel ing Bali. Mula ora nggumunke yen Aksara Jawa lan Aksara Bali kaya sedulur kembar sing padha pangkale, nanging beda watak lan panguripane.

Saka segi bentuk, Aksara Jawa luwih rampinglan alus, kaya goresan kaligrafi sing elegen. Tulisane ngeluncur mlungker kang kanthi lembut. Kosokbaline, Aksara Bali luwih kandhel, bunder, lan padet, nuduhake karakter seni ukie lan lontar khas budaya bali. Senadyan loro-lorone nduweni aksara silabis sing padha, cara panggunaan tandha swara utawa sandhangan uga bda. Conton, ing Aksara Jawa nduw tandha vokal kaya pepet () lan taling () sing posisiy khusus, dene ing Aksara Bali tandha swaran luwih majemuk amarga pengaruh saka basa Sanskerta. Saliyane kuwi, Aksara Bali uga nduw huruf ekstra kaya aksara modre, sing digunakak kanggo nulis mantra lan teks suci, sing ora ana ing sistem Aksara Jawa. 

Ing panggunaan, Aksara Jawa sakdurung dadi media utama kanggo nulis karya sastra klasik, piwulang, lan tembang. Saiki isih diwulangak ing sekolah-sekolah ing Jawa Tengah lan Yogyakarta, sanajan durung akh sing mahir maca lan nulis. Ing Bali, aksara lokal iki isih aktif lan dadi elemen penting ing ritual agama, kaya kanggo nulis lontar, prasasti, utawa mantra upacara. Pemerintah Bali uga aktif nguri-uri aksara iki kanthi nyetel papan nama nganggo tulisan ganda---Latin lan Aksara Bali. 

Nanging luwih saka sekadar aksara, tulisan iku gambaran jiwa budaya. Nalika tiyang sinau utawi nyerat nggunakake aksara Jawa utawi Bali, sejatine minangka sesambungan kaliyan asal usul sejarah lan leluhuripun. Ing saben goresan ana arti, ana rasa, lan ana jiwa tradisi sing ngelingak kita sapa sejatin masyarakat Nusantara. Saiki, teknologi uga dadi mitra kanggo melestarikan warisan iki. Ana font digital Hanacaraka, aplikasi sinau aksara, nganti papan jeneng digital sing nganggo aksara daerah minangka tanda yn aksara kuno bisa bertahan ing jaman anyar. 

Mula saka kuwi, Aksara Jawa lan Aksara Bali ora mung perlu dibandingak, nanging uga kudu dijaga bareng-bareng. Loro-lorone iku simbol nu kandel saka warisan nenek moyang. Kaya sedulur sing asal bda, padha asal nanging duw ciri khas masing-masing. Yen kita nguri-uri lan nglestarekake, iki nuduhak yen kita ora mung ngormati sejarah, nanging uga njaga identitas bangsa kanggo wektu sing bakal teka.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun