Mohon tunggu...
Shabrina Muhamida Fitri
Shabrina Muhamida Fitri Mohon Tunggu... Mahasiswa Universitas Negeri Surabaya

INFJ

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Tedhak Siten: Lampahan Kapisan Tiyang Lare Tumuju Bumi

15 Oktober 2025   20:16 Diperbarui: 15 Oktober 2025   20:16 8
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
sumber: https://share.google/HAhSUsLVhrn6NrLS2

Ing lemah Jawa ana sawetara macem tradhisi kang terus diuri-uri. Tradhisi iku mulai saka selamatan panen, selamatan pindhah omah, upacara giling tebu, upacara pati lan sapiturute kabeh iku sarat makna sing jeru. Miturut wong Jawa, saben tahap kauripan manungsa lan kahanan iku dianggep penting lan kudu ditindakake selamatan utawa upacara dadi wangun raos syukur marang Gusti ingkang Maha Agung lan pangajab kang apik kanggo lampahan seteruse.
Salah sijine tekan sak akehe tradhisi ing Jawa yaiku Tradhisi Tedhak Siten. Bayi umur pitung sasi iku digawekake klambi adat, dituntun nglangkah kaping kapisan midhak lemah. Dudu sembarang lemah, nanging bumi kang disucikake karo banyu sekar lan doa-doa Jawa kuno. Yaiki lah tedhak siten, tradhisi sakral masarakat Jawa kang kebak makna filosofis. Ing era modhern saiki ritual iki ngalami modifikasi ananging modifikasi iki ora mudhunake biji kesakralan saka saben prosesi jero upacara ing tedhak siten.

 Sejarahe Tradhisi Tedhak Siten

Upacara tradhisi tedhak siten iki wis ana wiwit jaman Kraton Mataram, sanadyan rodok angel anggene nemu bukti sajarah ngenani tradhisi iki. Nanging tradhisi iki wis dadi perangan wigati jroning budaya Jawa lan ditindhakake wiwit jaman ndishik lan diturun-temurun saka mbah eyang. Upacara iki sawijining wangun perayaan kang nglambangake peralihan kauripan lan perkembangan pawongan. Asal usul tradhisi iki uga pengaruh saka budaya hindhu-buddha kang ngrembaka ing indonesia pas jaman semono. Ing jero ajaran hindhu-buddha, lemah iku nduweni makna spiritual dadi papan kang suci lan sumber kauripan. Pramila ritual nepungake anak ing lemah lan alam sawatarane kaanggep dadi proses penyucian lan pemurnian awak. Tradhisi tedhak siten wis ditindhakake saka jaman Kraton Mataram nganti perkembangan era modhern saiki. Saka jaman Kraton Mataram (wataraning abad 16 nganti menyang 18) masarakat wis ngenal tradhisi iki saperangan saka elmu sosial lan religi. Jroning masarakat Jawa Kuna saben upacara adat nduweni tujuwan kanggo ngolehake keberkahan lan nglindhungi anak saka bab-bab ala, sarta ndongakake anak ben dadi pawongan kang kuwat lan sehat. Tradhisi iki diwarisake kanthi turun-temurun liwat carita lesan lan pelaksaan langsung saka kulawarga kang isih nggugu lestari tradhisi iki.

Prosesi Tedhak Siten lan Maknane

1. Ngumbah Sikil

Prosesi kapisan ing tedhak siten yaiku ngumbah sikile anak. Wong tuwa saka anak kasebut nggendong anake kanggo ngresiki sikile kanthi cara dilap utawa diusap sadurunge nglangkahake lemah. Makna saka kagiyatan iki yaiku anak wiwit napak lemah kang artine wiwit napaki kauripan kang prelu ditindhakake kanthi suci atine.

 2. Mlaku Ngliwati Jadah Pitu Werno

Jroning prosesi iki wong tuwa nuntun anake kanggo lumaku ing dhuwur jadah seakeh pitu piring karo sawetara jadahe duwe maneka werna kayata abang, kuning, pethak, abang jambu, biru, ijo, lan ungu. Saben werna saka jadah kasebut nduweni makna. Prosesi iki ndekek pangajab supaya anak mengko oleh tuwuh dadi gedhe kang bisa ngadhepi alangan sing bakal ditemoni ing ngarep mengko dening pitulungan saka Gusti ingkang Maha Ageng.

3. Munggah Andha Tebu

Jroning prosesi iki anak ditatih wong tuwane kanggo nitih pitu andha kang digawe saka wit tebu. Munggah andha tebu utawa antebing kalbuyang artine kebak tekad lan kendel. Makna saka kagiyatan iki yaiku kulawarga menehake sengkuyungan kanggo anake supaya iso lumaku sesuai karo opo sing dipengen. Makna liya saka ritual iki yaiku dadi pangajab saka ritual iki ben anak ora gampang nyerah jero nggayuh gegayuhane.

4. Mlebu Kurungan

Jroning prosesi iki anak dilebokake ing njero kurungan pitik lan ing njero kurungan iku ana barang-barang kayata iqra, dhuwit, emas-emasan, piranti serat , buku, sisir, lan sapunggalane. Barang kang ana dikurungan pitik kasebut mengkone arep dijupuk dening anak kasebut. Barang kang ana ing jero kurungan pitik kasebut nduweni teges dhewe. Makna saka ritual kurungan pitik iki yaiku dadi nggambarake kauripan nyata kang arep dileboni dening anake mengko. Uga barang kang dijupuk dening anak kasebut nggambarake dadi profesi kang arep dilakoni mengko nganti diwasa.

5. Ngedusi Anak

Banyu kang digunakake yaiku banyu kang dijupuk dening wong tuwa saka anak kasebut ing wayah wengi dina wataraning jam 10-12 wengi kang banjur dienengake tekan sesuk dinane. Ing jero ritual iki anak diadusi dening wong tuwane karo banyu kang diwenehi sekar setaman. Banyu sekar  kang digunakake gawe ngadusi anak kasebut uga nduweni teges utawa pangajab wong tuwa marang anake ben anake ngabekti sarta oleh ngarumake asmaning wong tuwa lan kulawargane. Sawise diadusi anak kasebut diwenehi sandhangan sing anyar.

6. Udhik-Udhikan

Udhik-udhik iku dhuwit kricik kang dicampur karo sawarna-warnane sekar lan beras kuning. Saka proses iki, udhik-udhik disebar lan diwenehake marang masarakat kang rawuh jroning adicara kasebut. Makna saka ritual iki yaiku dadi pangarep-arepe mengko ben anak nduweni rezeki cukup bisa menehake rezekine marang wong kang mbutuhake, sarta oleh ngrewangi wong liya kang mbutuhake lan preduli ana lingkungan disekitare.

7. Tugel  Tumpeng

Tugel tumpeng uga perangan saka tradhisi tedak siten iki amarga nduweni makna syukur lan dadi panjaluk wong tuwa marang Gusti ingkang Maha Ageng supaya anake mengko dadi bocah kang migunani uga mampu tumuwuh lan ngrembaka. Isi saka tumpeng iku dhewe kabangun saka sega, urapan sayur sarta lawuh. Tumpeng dicawisake karo arupa kerucut dibagian tengah banjur dikubengi dening sayur lan lawuh.

sumber: https://share.google/v5hok9s1fBahyypWJ
sumber: https://share.google/v5hok9s1fBahyypWJ


Nguri-Nguri Tradhisi Tedhak Siten

Nglestarikake budaya iku salah sawijine upaya wigati kanggo njaga warisan budaya supaya budaya kasebut ora ilang lan iso diterusake dening generasi enom. Nglestarikake budaya tradhisi tedak siten merlokake kerjasama antar individu, komunitas, uga lembaga kang preduli karo budaya Jawa. Salah siji tuladha nglestarikake budaya iki yaiku menehake edukasi marang generasi enom ngenani makna lan filosofi kang jeru ngenani tradhisi tedak siten, menehake edukasi uga bisa liwat kanthi lesan utawa kanthi medhia online utawa bisa sinebut karo sosmed (sosial medhia) kang digunakake kanggo nepungake budaya menyang generasi enom lan bisa uga nepungake tradhisi iki masarakat jembar, tuladhane kaya nggawe konten mengenai edukasi tradhisi tedak siten utawa bisa uga manfaatake tren kang paling saiki ing media sosial nggawe vidhio kang kreatif lan nggambarake momen wigati jroning prosesi tedak siten. Dadi ayo terus nguri-nguri tradhisi Jawa. Aja sampe wong Jawa ilang Jawane

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun