Mohon tunggu...
wyakta purwadi widita
wyakta purwadi widita Mohon Tunggu... Guru - Dwija-Guru

Pemerhati Budaya untuk generasi anak muda, penerus Budaya

Selanjutnya

Tutup

Filsafat

Filsafat Islam Isi Naskah "Serat Suluk Patekah" Dening Ki Padmareja

24 Juli 2023   01:00 Diperbarui: 24 Juli 2023   01:03 181
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Filsafat. Sumber ilustrasi: PEXELS/Wirestock

       Naskah Serat Suluk Patekah (SSP) kasebat wonten kalih sejatosipun, ingkang setunggal ing Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat trepipun ing lebeting Perpustakaan Museum Sasana Pustaka Kraton, ugi setunggalipun wonten ing Perpustakaan Museum Sanabudaya Yogyakarta ingkang dados pancadan/acuan, awit ing bidang Filologi (Disiplin ilmu ingkang nyinaoni, ngudi kawruh ngengingi naskah Jawa) menika wonten studi perbandingan naskah.

       Keadaan naskah taksih cekap sae, kertasipun sampun radi kuning kanthi bintik-bintik coklat muda, tinta cemeng, seratan ageng, penjilidan sae, sampul kandhel karton, lapisan kulit werni coklat tua, laminasi. Tebal naskah : 2,2 cm, huruf, aksara, tulisannya huruf Jawa, aksarane Jawa Carik kanthi gaya seratan miring nengen. Bahasa ingkang dipunagem wonten panyeratan Serat Suluk Patekah (SSP) inggih menika bahasa Jawa baru ragam Krama, Bentuk teks naskah Serat Suluk Patekah wujudipun puisi/tembang. Sedaya wosipun kaperang saking sawetawis 9 serat. Linandhesan katrangan ingkang wonten ing kolofon, naskah disalin ing warsa 1843 taun Jawa (1912 M), kangge mangertos umur naskah sawetawis 201 taun.

     Naskah kanthi irah-irahan Serat Suluk Patekah ngemot babagan piwulang punapadene pitedhah tasawuh ingkng wonten ing surat Al-Fatekah versi tiyang Jawa, paring piwulang bilih kados pundi cara-caranipun manungsa nyaketaken sariranipun ing Tuhan, kadosdene manunggaling Gusti. Serat Suluk Patekah dipunanggep minangka salah satunggaling ingkang ngemot kesaenan, kaluhuran, kaagungan bilih kasampurnaning gesang. Amargi menika ngelmu Serat Suluk Patekah disebat ugi minangka ngelmu ngenani panggesangan, kangge ngayuh kasampurnaning gesang, bilih kangge ngayuh kasampurnaning gesang menika kedah mutlak patrap ingkang jumbuh kanthi cara mejahi punapadene nilaraken pikajeng utawa nafsu kadosta aluamah (keserakahan), amarah (angkara murka), supiyah (nafsu birahi). Salajengipun kanthi ngesangaken watak sifat mutmainah (nafsu ingkang sae prayogi).

Berikut suntingan teks lan terjemahan Serat Suluk Patekah anggitanipun Ki Padmareja:

Pangkur

  • Sirnane nun padha ana/                   Hilangnya Nun tetap ada
  • Arahman iya tegese kaki/                Arahman maknanya
  • Murah ing dunya puniku/               Kemurahan Tuhan di dunia
  • Nyatane ananira/                                Sungguh nyata adanya
  • Murah ingsun marang 

           sira sawab agung/                   Kemurahan-KU kepadamu sangat besar

  • Rakim iku tegesira/                           Rakim itu artinya
  • Sih suksma marang sireki/             Kasih Tuhan kepada dirimu
  • Rabil ngalamina ika/                              Rabil ngalamin yaitu
  • Ingsun kang pinangeran ing akir/    Aku yang menjadi penguasa di hari akhir
  • Myang lair lan batinipun/                    Dilahir batinnya.
  • Kelawan ing akerat/                                 Dan di akherat
  • Rahman rakim punika ing tegseipun/  Rahman Rakim itu maknanya
  • Maliki yaomidina/                                    Maliki Yaumidina
  • Muhkamat tegese sami/                        Wahai Muhammad artinya.  


         Al Fatihah ing bahasa Arab ingkang ateges “pembukaan” inggih menika surat sepisan wonten Al-Quran. Surat menika dipun dhawahaken ing Mekah lan kalebet saking 7 ayat. Al-Fatihah satunggaling surat ing sepisan dhawah kanthi jangkep antawis surat-surat ingkang wonten Al-Quran. Surat menika ingkang dipunsebat Al-Fatihah “pembukaan”, awit kanthi surat menika dibuka lan dipunawiti Al-Quran. Dipunwastani Ummul Quran utawa Ummul Kitab amargi menika satunggaling induk saking sedaya wosipun Al-Quran. Dinamakan dipunwastani ugi As-Sab’ul Matsaany amargi gunggung ayatipun ingkang pitu lan diwaos ulang-ulang diambali wekdal nindakaken sholat.

            Wigati/penting sanget surat al-Fatihah, manungsa lumantar sholat gangsal wekdal, kedah ngucap maos surat al-fatihah, mila menika tegese ingkang sambet dipunkulinakne mengungkapkan lan ngresepi kalimat-kalimat mulia ing surat pambuka al-Quran menika. Saben dinten diulang-ulang terus menerus manungsa mlebet ing kahanan berkasih sayang, berkeTuhanan, bersyukur, bertanggung jawab, selalu memohon pitedah saking Dzat Ingkang Maha Mirah, kagungan kesadaran sujarah.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun