Mohon tunggu...
Ummu el Hakim
Ummu el Hakim Mohon Tunggu... Wiraswasta - Hanya seorang emak biasa

Penyuka alam dan rangkaian kata

Selanjutnya

Tutup

Lyfe Artikel Utama

Ben Ora Susah, Sing pada Betah Ndekem nang Umah

7 April 2020   17:34 Diperbarui: 10 April 2020   14:52 713
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilustrasi tetap berada di rumah. (Sumber : freepik.com)

Priwe kabare Lur? Moga kabeh pada bagas waras selamet ya. Aamiin. Inyong yakin njenengan kabeh mestine wis akeh sing pada ngerti. Menawa virus sing siki nyebar kue bahaya lan isa mateni. Apa mening ngger dewek ora pada matuhi.

Inyong sempet krungu kabar ngger nang kampunge rika Purwakerta kana jere ya wis ana sing ketularan. Tetep tenang ya Lur, inyong mudeng pisan kabar kue mesti gawe deg degan. Sebab adi-adine inyong juga pada urip lan golet pangan nang kana.

Winginane adine inyong sempet ngabari. Kanca-kancane wis pada bali. Wedi. Inyong kanda, aja panik tetep tenang nang jero umah. Ora usah mayeng mayeng, malah gur gawe masalah. Apa mening siki kerjane wis dipindah nang umah. Alhamdulillah.

Corona. Sepleret ncen apik jenenge ya. Ora nyangka ngger jebule kue jenis virus anyar sing isa mbahayani. Deneng isa kaya kue? Iya genah koh. Inyong juga ora ngira. Sing jelas siki dewek kudu waspada. Diakehi njaga awak lan aja kelalen wisuh tangan sing bener ya. Aja sembarangan ben viruse genahe ilang.

Sebab sing gawa lan nyebarna kan pada pada menungsa. Dadi cepet banget kaya muni pesawat jet. Wuuzzzz. Mula kue dewek kudu isa saling jaga. Aja sekarepe awake rika. Melas sing umure lewih tua lan rentan pisan karo penyakit sing bahaya. Ngger kena virus kie bakal dadi nambahi perkara.

"Pokokmen ben ora susah, sing pada betah ndekem nang umah. Dinggo ngusir viruse enggal kabur lan kabeh kuman mabur."

Terus kepimen ben viruse enggal mandeg ya? Ya wis, dewek para menungsa kudu mandeg juga. Ben viruse ajeg lan ilang dewek. Tetep betah ndekem nang umah ya Lur. Aja mayeng mayeng ngger ora ana perlune nemen. Lan aja kelalen mangan sing bergizi dinggo amunisi antibodi. Virus bakal klenger ngger dewek tetep buger.

Terus ngger terpaksa ketemu uwong kudu gawe jarak minimal semeter. Utawa sing dikenal karo istilah social discanting. Ben kenapa? Ya ben njagani viruse ora mlumpat sekang wong siji nang wong liyane.

Kan viruse cilik pisan ora bakal keton ngger ora dideleng nganggo alat khusus. Dadi dewek ya ora bakal ngerti wong ndi sing ditempeli. Mula aturan social discanting kie kudu bener-bener dipatuhi.

Oya aja kelalen nganggo masker ya Lur. Sesuai anjuran sing tembe metu anyaran. Sing munine, ngger wong sehat lan sakit pada wajib nganggo masker kabeh nek terpaksane garep metu umah. Kue nggo jagani ben viruse ditahan nang masker nggo si sakit. Lan nggo si sehat ben viruse ketahan ora mlebu nang awak.

Apa mening nek semisal dewek berpotensi carrier utawa pembawa virus isa ora ketara lho. Nah, sing penting dijaga baen ben viruse ra pindah. Dadi patuhi protokole nek terpaksane banget kudu metu sekang umah.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Lyfe Selengkapnya
Lihat Lyfe Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun