Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Filsafat

Dhikih Adhakah, Dhakah Adhikih........

20 April 2011   16:46 Diperbarui: 26 Juni 2015   06:35 381
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

1303317944627048298
1303317944627048298
Poc apan, kang kadhangkala dienggo sanepa ing lumrahing bebrayan Jawa iki rikala aku isih cilik kerep diucapake simbah menawa menehi pitutur marang aku sasedulur. Wektu iku saben dituturi Simbah mawa sanepa iki, aku bola-bali dadi bingung, ora mangerti apa sing dikersakake simbah. Saperangan saka pitutur  sing isih dak eling-eling yaiku kabeh kedadeyan lan lelakon ing lumahing bumi iki wis ditata lan diatur dening Pangerang Kang Maha Kawasa. Saweneh kedadeyan katone ora adil menawa dinalar kanthi akal budi. Sanepan sing kerep diucapake Simbah, "dhakah adhikih dhikih adhakah" paring piwulang marang manungsa supaya ora duwe panyana ala marang Pangeran. Menawa ditegesi kanthi tembung wantah, dhikih adhakah dhakah adhikih, iku ngemun pasemon. Ana saperangan bebrayan sing ringkih kahanane nanging gedhe pasumbange marang bebrayan agung. Cilik lan ringkih kawujudane nangin gedhe lelabuhane tumrap kamanungsan. Nanging saweneh pawongan kang prakosa kawujudane, gedhe rejekine, nanging ora ana pasumbang lan lelabuhane marang bebrayan agung. Kahanan kang katone ora adil menawa disawang kanthi mata sawantah iku, ing kasunyatan tuwuh ngrembaka datan bisa diilangake. Simbah maringi pitutur kanthi dongengan. Sawijining pawongan kang pakaryane among tani ngudarasa kahanan rikala ngadhepi anane wit semangka lan wit ringin. Wit ringin kang uripe katon gagah merga saka gedhene wit lan ngrmbuyunge godhong, nanging wohe mung cilik. Gedhene wit ringin ora sembada karo woh sing diasilake. Nanging semangka kang wite ora sepira gedhe, malah kepara ora kuwat nyangga jejege uripe; wohe semangka gedhene matikel-tikel ketimbang wohe ringin. Pak tani ngudarasa eba senenge menawa gedhene woh ringin setimbang karo gedhene wit, ora kalah karo gedhene woh semangka. Lelamunane bubrah lan malik nalika sirahe ketiban woh ringin kang dipangan manuk. Dheweke ngucap sokur marang pangeran jalaran sing nibane sirahe mau woh ringin sing mung cilik. Dheweke ora bisa ngira, menawa gedhene woh ringin sing niba ing sirahe mau padha gedhene karo semangka, apa maneh luwih gedhe. Dhikih adhakah, dhakah adhikih.................

Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun