Mohon tunggu...
Kang Sugita
Kang Sugita Mohon Tunggu... pegawai negeri -

seorang bapak guru di pelosok gunungkidul

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Clingus, Wani, Kendel, lan Keladuk

3 Oktober 2017   20:54 Diperbarui: 3 Oktober 2017   21:02 1688
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humaniora. Sumber ilustrasi: PEXELS/San Fermin Pamplona

Ing jagad sesrawungan, mesthi panjenengan nate krungu ana sedulur sing ngendika menawa anake kalebu bocah sing "clingus". Nanging uga kerep keprungu ana bocah kang kelabu kendel, malah ana sing kepara keladuk.

Para winasis ing babagan kajiwan (psikologi), bocah clingus iku jalaran ora duwe jiwa kang mardika. Pribadine kabundhet lan kacancang kenceng dening maneka warna rasa wedi lan samar. Wedi lan samar pocapane kurang trep, wedi lan samar tumindake ora pener. Ana uga kang wedi lan samar jalaran rumangsa ana sing kurang ing saranduning awake. 

Bocah clingus ora duwe kanca ing sesrawungan, jalaran dheweke ora duwe kewanen kanggo nganani sesambungan marang wong kang durung tepung. Angel kanggo ngucap sapa aruh marang liyan, yen ora didhisiki. Tumrap saperangan bebrayan, bocah clingus kaangep bocah kang songar. Kanthi mengkono bocah clingus didohi kanca-kancane. Ing sabanjure, bocah clingus dadi sansaya cilik atine rikala nyumurupi kanca-kancane gegojegan, padha gumuyu bebarengan, apa maneh yen mangerteni ana kanca-kancane sing padha pating klesik lan cekikikan. Bocah clingus duwe penganggep yen kanca-kancane kabeh ngrasani dan nggunem ala lan kurange.

Ewadene bocah kang duwe jiwa wani,  uga diarani bocah sing kendel, ing sesrawungan dheweke gampang anggone kekancan. Tindak-tanduk lan muna-munine sarwa lancar. Kabeh dilakoni tanpa rasa wedi lan samar, ananging kebak petung supaya tindak-tanduk lan muna-munine ora nalisir saka paugeraning sesrawungan. Sakabehing laku jantrane ora ninggal tata krama lan unggah-ungguh. Bocah kang kendel, bisa ngudhar gagasan lan uneg-unege kanthi basa kang trep. Pocapane laras lan runtut, kang diwudhal ing lesane gampang tinampa dening kang ngrungokake.

Bebrayan seneng lan marem meruhi laku jantrane bocah kang wani lan kendel. Ing bebrayan, bocah kang wani lan kendel oleh pangalembana lan dadi tepa tuladha. Para werdha, apa maneh kang kagungan putra kang nembe ngancik remaja, mesthi wae darbe pengangen-angen lan pengarep-arep anak-anake dadi bocah kang wani lan kendel. Bocah kang nengsemake ing kabeh laku jantrane, bocah kang ngerti lan lumaku ing sesrawungan laras karo unggah-ungguh lan tata krama. 

Ewadene ing bebrayan saiki, kerep tinemu bocah kang sakeplasan kanggep bocah kang wani lan kendel. Bocah iku ora duwe rasa wedi marang sapa wae, kalebu marang pawongan anyar kang durung tepung. Ing sadengah papan lan suwasana, bocah iku katon monjo. Tindak-tanduk lan pocapane kerep narik kawigaten tumrap para werdha. Saperangan pinisepuh nganggep tumindake keladuk. Ana uga kang ngarani bocah kang nranyak utawa nyangklak

Bocah kang keladuk, nranyak, utawa nyangklak kerep nuwuhake rasa ora kepenak tumrape wong kang umure luwih tuwa. Bocah kang kalebu golongan iki ora bisa mbedakake tumnindake marang kanca saumuran, lan marang wong kang luwih tuwa. Ora duwe rasa kurmat mara wong kang luwih tuwa, lan ora duwe suba sita. Tangane clandhakan ing perangan awak wong tuwa kang kudune diajeni (dhadha munggah). Sikile entheng banget nendhang sarandune awak pawongan kang luwih tuwa, tanpa rasa wedi lan samar. 

Mesthi wae priyayi kang umure wis klebu dewasa lan wis menep atine, ora bakal mbales pokale bocah kang keladuk utawa nranyak. Nanging tumrape saperangan sedulur werdha, akeh kang rumangsa ora seneng marang tumindake baocah kang keladuk lan nranyak. Mung wae arep aruh-aruh menehi pitutur marang bocah iku, akeh kang duwe rasa pekewuh; samar yen wong tuwane bocah ora kepranan atine mangerteni anake dituturi (disrengeni) wong liya. Apa maneh yen wong tuwane kang nyumurupi laku jantrane anake sing keladuk iku uga ora menggak lan menging, kepara malah menehi penjurung.

Andharan iki mung sadrema pengangen-angen, rikalane ngadhepi tindak-tanduke saperangan bocah-bocah kang ana ing laladan panguripanku. Menawa ana kang duwe sesrepan luwih becik, aku nyuwun pamrayoga. Menawa ana kang kang kurang trep apa kang dak udhar ing tulisan iki, aku kkanthi seneng nampa panyaruwe.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun