Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Kapangku

2 Oktober 2011   23:51 Diperbarui: 26 Juni 2015   01:24 148 0
[caption id="" align="alignnone" width="185" caption="gambar saka Google"][/caption] Kapangku Dak untapake lungamu kanthi luh kang mili metu Dak untapake lungamu kanthi donga lan panyuwunku Aku pasrah sumarah marang Gusti Sanajan nangis ngrerepa utawa protes Nanging urip iki wus musthi Dene ala becik mung apaes Gegambaran tresna iki ginurat ing gurit alit Gumandhuling kangen iki minangka rasa pangrasa kang nyawiji Tresnaku.... Kapangku.... minangka guru laku ing madyaning uripku oh my son aishiteru Tresnaku ora bakal pedhot nganti pungkasaning wektu Semarang, Pungkasaning wulan 2010 "BIYUNG KANG KINASIH"

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun