Mohon tunggu...
KOMENTAR
Puisi

Ora Dadi Ratu, Rasah Cangkeman

7 Agustus 2014   06:23 Diperbarui: 18 Juni 2015   04:12 121 5
Ora Dadi Ratu, Rasah Cangkeman

Cangkem siji nanging nggegirisi
Diisi sego, mlebu weteng dadi tai
Cangkem siji iso mateni
Mbakar hutan koyo ngobong karo geni

Cangkem siji koyo setir kapal
Ujude cilik iso ngatur kahanan
Cangkem siji iso dadi soal
Nek pemimpin isone cangkeman

Meh dadi ratu, niate mulyo
Durung kewangsitan mestine ora opo opo
Nek atine pait, dadi ratu iku kudu hukume
Pait opo ora deloken cangkeme

Cangkem oh Cangkem
Sing nduwe kowe ngatur dewe-dewe
Cangkem oh Cangkem
Ngatur cangkem raiso, dadi ratu ora mestine


Pie luwih  enak saiki to, iso cangkeman?

KEMBALI KE ARTIKEL


LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun