BrataposMedia.ID _ Opini_ -ddf- sejarah Lasem, gamelan, dan wayang krucil. Â berangkat dari kaca R.M Wicaksana kawisudha Sunan Amangkurat II dijumenengake dadi Adipati Lasem katelah asma Prabu Tejakusuma IV. Nalika ing tahun Jawa 1605 sasi Sura, Sang pangeran nggubah Pustaka SABDA BADRASANTI kasalin Tembang Macapat, katulis aksara jawaing buku dluwang dhedhak; ing sakbanjure Pustaka kuwi katulad gethok tular dening para darah TEJAKUSUMAN lan Para BRANDHAL ing ARGASOKA kang seneng ulah kasusastran Jawa.Ing sakjrone Prb. Tejakusuma IV ngasta pamrentah Lasem, para kawula narakarya lan empu karawitan sarta pujangga Kasusastran padha diperdi banget ngajokake kabisane. Â esa Ketandhan dadi punjere para empu yasa gamelan, gemblak, sayang, lan juru sungging wayang krucil. Â
Desa Demungan dadi punjere ulah gendhing karawitan lan langen beksan warangganan.Desa Kemandhung lan Keranggan dadi punjere kemasan, pembathik, nyulam, ngrenda, lan gawe slepisarta kipas lan merak. Desa Sumbergirang dadi punjere pandhe, kundhi lan jlagra. Desa Ngemplak dadi punjere greji lan undhagi. Â Desa Kepohlandak dadi punjere nggawe gula kerek lan juruh bogor siwalan. Desa Semangu Banjarmlathi punjere paguron kasusastran lan ngelmu kejawen dumunung ing bumi Taman Pertapan. Â Desa Purikawak punjere ngulama Islam lan paguron ngelmu Agama Rasul.(Sumber Bacaan : Â Badrasanti, hal. 24-25) ( sholikul hadi_ bratamedia)