Mohon tunggu...
IMAM ARIF S
IMAM ARIF S Mohon Tunggu... Lainnya - Ketua KPU Ka. Banyumas Tukang Ngecebres

Urip Kui Kudu Urup

Selanjutnya

Tutup

Politik

Pengilon

15 Maret 2021   15:05 Diperbarui: 15 Maret 2021   15:23 285
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

#Ngecebres07

Dening: Imam Arif S (ketua KPU Kab. Banyumas)

Kulonuwun

Priwe kabare luur? Moga pada sehat waras bregas kabeh ya. Aamiin

Pengilon. Kabeh umah ana pengilon. Meh kabeh senthong ana pengilon. Pengilon mesti ana neng kantor, neng pabrik, neng sekolahan, neng kampus, neng hotel, neng rumah sakit, lan pirang-pirang panggonan uga ana pengilon. Neng tase wong wadon uga ana pengilon. Meh saben dina dewek kuwe ngadeg neng ngarep pengilon, niyate arep ngaca. Tangi turu ngaca, arep mangkat ngode ngaca, arep sekolah ngaca, arep sembahyang ngaca, arep kondangan ngaca, malahan arep turu uga ana sing ngaca disit. Lewih-lewih wong wadon,gunane ngaca bae.  Wedi mbok krudunge menceng, pupuran lan lipene pathing dlewer.

Pengilon nidokna inyong lan rika apa anane. Angger awake inyong lan rika lemu, neng pengilon keton lemu. Anger awake gering, neng pengilon keton gering. Angger rika ganteng lan ayu, neng pengilon keton ganteng lan ayu. Angger inyong lan rika kuwe awake blepotan lan akeh kotorane, neng pengilon keton blepotan lan akeh kotorane. Mulane pengilon kuwe kena  nggo instropeksi utawa mawas diri. Tujuane ben dewek bisa ndandani apa sing esih kurang lan ora pas.

Lur, dewek kuwe sering ngrasani lan maido meng pemimpin lan pemerintah. Jerene pemimpine ora tau gelem mikirna rakyate, senenge korupsi, kolusi, nepotisme lan sapiturute. Pirang-pirang omongan ala sing dealamatna meng pemimpin. Sebenere tah inyong lan rika pada sing dadi rakyat kuwe bisaa instropeksi lan mawas diri. Mergane apa? Mergane pemimpin kuwe pengilon priwe kondisi lan perilaku rakyate. Kanjeng Nabi tau nyabda " Kamaa takuunu yuwalii 'alaikum" (apa kondisi lan perilakune rika pada, ya kaya kuwe kondisi lan perilakune pemimpine mau).

Babagan pemimpin lan rakyat kuwe dewek bisa sinau sekang kondisi biyen jaman kemerdekaan. Jaman biyen kae, rakyat indonesia pada kendel, wani nglawan penjajah, mandiri, berdikari lan seneng gotong royong. 

Mulane sing dadi pemimpin kuwe wonge maen-maen, luhur budi pekertine, ora tau mentingna awake dewek, ora ngapusi lan ora korupsi. Bung Karno, bung Hatta, Jendral Sudirman, KH. Agus Salim, M. Natsir lan akeh liane. Tokoh-tokoh pemimpin mau kuwe kondang apike, kendel, pinter lan berjuang nggo rakyat lan bangsa indonesia kabeh, udu nggo kapentingane dewek lan keluargane, uripe sederhana lan ora poya poya.

Ningen maju ngeneh-ngeneh bae, kondisi lan perilakune dewek pada wis mulai brubah. Siki inyong lan rika pada apatis, egois, ora pedulian. Ana tanggane mriyang, kencot lan mlarat, dewek toli akeh-akehe pada api-api ora ngerti. Ana wong lagi kena musibah, kecelakaan, pada mung ndeleng thok, emoh nulungi mergane jere bebeh mbok urusane dadi  dawa. 

Dewek siki pengine apa-apa serba instan, ora sabaran, pengine serba cepet tur kasil, mula nyuap nganah ngeneh, ben urusane lancar. Nyuap desuap wis dadi budaya. Angger ana pemilu, dewek kuwe ora duwe isin, sapa sing aweh duwit kuwe sing depilih. Ora peduli, sing depilih kuwe apik apa ora budi pekertine, ora peduli kapasitas, kualitase lan masa lalune. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Politik Selengkapnya
Lihat Politik Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun