WERKUDARA LAN MAKNANE ILMU SEJATI
Dening: Sri Wintala Achmad
Pandu Dewanata salah sawijine raja Astina kang peputra lima cacahe saka garwa Kunti Nalibrata lan Madrim. Putra kang lair saka guwagarbane Kunti Nalibrata, yakuwi: Puntadewa, Werkudara, lan Janaka. Sawetara putra kembar kang lair saka guwagarbane Madrim, yakuwi: Sadewa lan Nakula. Sabanjure putra lima Pandu kasebut kinaranan Pendawa.
Ing lakon Baratayuda, Werkudara putra Pandu kang nomer loro kuwi dadi kekuwatane kadang Pendhawa. Senopati Ngamarta kang ora mung sekti ing tata lair, nanging uga santosa ing batin. Sawuse Werkudara antuk wejangan mulya ing telenge samudra laya saka Sang Hyang Ruci lelantaran Durna. Salah sawijine resi kang ngembani Prabu Duryudana, ratu Ngestina.
Wejangan Sang Hyang Ruci marang Werkudara ora bisa dipadhakake piwulangan kang diwedharake dening guru marang putra siswane ing bangku pawiyatan. Amarga Ruci ora beda swara batine Werkudara kang manggon ing teleng kalbune. Kraton mulya ing pusering samudra laya kang bisa dislulupi kanthi laku semedi. Laku spiritual kang ora uwal saka panggodhane naga Amburnawa.
Enem Prakara Wejangan Ruci Marang Werkudara
Ana enem perkara kang diwejangake dening Dewa Ruci marang Werkudara. Wejangan mau ing antarane: sepisan, aja tumindak sadurunge mangerti marang ancas- tujuane. Menawa durung mangerti, takona luwih dhisik marang pawongan kang mangerti. Sawuse mangerti, lakonana. Amarga sakabehe ancas-tujuan bisa kawujudake menawa disartani tumindak nyata.
Loro, aja kaya wong desa kluthuk kang tuku emas. Senajan kang dituku kuwi wesi kuning, nanging wus dikira emas murni. Wejangan Ruci kang nomer loro ini duwe teges, menawa wong urip kudu duwe ilmu. Amarga ilmu ora beda netra sejati kang bisa bedakake sing murni lan sing palsu saka barang loro kang madha rupa.
Telu, aja bingungan. Amarga sapeteng-petenge marga kang bakal diliwati mesthi ana sunare pepadhang Gusti, senajan mung sakedhepe thathit. Mula rikala lagi kasrimpung ing pacoban, wong urip mung bisa budidaya lan duweni kapercayan menawa Gusti bakal aweh pitulungan.
Papat, sajroning jagade laire manungsa ana catur warna, yakuwi: abang (nepsu angkara), ireng (nepsu amarah), kuning (nepsu kepingin andarbeni), lan putih (budi jatmika kang bisa nampa sasmita alam). Supaya warna putih bisa nampa anane sasmita alam, mula manungsa kudu bisa ngendhaleni nepsu angkara, amarah, lan kepingin andarbeni kanthi pambyantune sang sukma.
Lima, tinemune dzat sejati menawa manungsa wus pana marang apa kang jalari wurunge kabeh panjangka, sartane tan mosik saka sawernane panggodha. Sawuse pana marang babagan ini, mula ilmu kang wus kagayuh ora mung kandeg ing lambe. Nanging, ilmu kudu diamalake lelantaran pakaryan ing saben dinane.
Enem, sawuse manungsa mangerteni maknane mati sajrone urip lan urip sajrone pati, mula ora ana paedahe aji kawijayan. Amarga aji kawijayan kang sejati dumunung marang ilmu sejati lan rasa asih marang sesaman dumadi. Sakabehe titahe Gusti kang dumunung ing alam rame.
Maknane Ilmu Sejati Tumrap Werkudara
Sawuse antuk wejangan ilmu sejati saka Sang Hyang Ruci, Werkudara ora kumengsun marang sasamane dumadi. Senajan Werkudara ora beda harga Merapi kang katon gagah prakosa ngadek jejek sumundhul ing awiyat, nanging jiwane tansah tumungkul ing bantala. Sumujud marang Gusti-ne. Milirake darmaning satriya kanggo murakabi kabutuhan uripe para kawula.
Saliyane kuwi, Werkudara uga mangerteni menawa ilmu sejati kang kagayuh lelantaran Resi Durna. Mula Resi Durna banjur kapundhi-pundhi dening Werkudara. Kaemban kaya bocah bayi ing gendhongan biyunge. Senajan ancas-tujuane Resi Durna kepengin ngajap patine Werkudara. Panenggak Pendhawa kang bakal jumeneng senopati ing perang Baratayuda.
Kanthi ilmu sejati, Werkudara dadi satriya kang sampurna. Satriya sekti ing tata lair kang linandhesan kawruh batin. Satriya kang bakal bukak korine urip anyar kawula Astina. Kawula kang tansah urip sajrone kasangsaran. Amarga Prabu Duryudana lan andhahane mung ngluru kabutuhane pribadi lan keluargane. Werkudara ora beda bayu kang miyak pedhut rikala surya mlethek ing bang wetan. Parikesit, ratu adil Astina.
Sri Wintala Achmad
Sanggar Pulau Apung
Cilacap, Jawa Tengah
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI