Mohon tunggu...
Dwi Klarasari
Dwi Klarasari Mohon Tunggu... Administrasi - Write from the heart, edit from the head ~ Stuart Aken

IG: @dwiklara_project | twitter: @dwiklarasari

Selanjutnya

Tutup

Diary Pilihan

Diari, Piye Kabarmu?

21 Februari 2021   23:22 Diperbarui: 21 Februari 2021   23:48 962
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber: Laman resmi Facebook Kemdikbud RI 

21 Februari 2021  23:21 Wektu Indonesia Bagian Kulon

Hai Diari!

Piye kabarmu dina iki?

Gumun yo tak aruh-aruhi nganggo basa Jawa? Kaget ya? Awakmu iku Diari, mosok nggumunan lan kagetan. Diari iku kan panggonan curhat opo wae, termasuk sing ora jelas lor kidul'e. Iyo, ra? Lha iyooo, mulane ojo gumunan lan kagetan! Hehe, mung guyon lho Di! Awakmu ojo nesu, ya? Eling pitutur Sunan Kalijaga:

Dadi wong iku ojo gumunan, ojo getunan, ojo kagetan, lan ojo aleman.

Wis ben awakmu ora gumun lan kaget, simak yo critaku iki!

Ngene lho Di, dina iki mau (tanggal 21 Februari) kepeneran wong sak donya podo mengeti Dina Basa Ibu Sak Donya. Eh bener ora yo terjemahanne? Yen basa Indonesianne iku Hari Bahasa Ibu Internasional. Basa Enggrese Mother Language Day.

Kabare, pengetan iki wis dimulai wiwit tahun 1999. Sing netapke UNESCO disepakati 188 negara.

Basa ibu kurang luwih isa dipadakne karo basa daerah. Tak kandani yo Di, ning donya iki ana ewunan basa ibu lho. Ngertio, ning Indonesia wae kira-kira ana 700-an basa daerah. Persise sing wis diteliti jare ana 718. Sssst... yen bab iki kowe entuk wae yen arep gumun! Mergane pancen keren! Hehe

Saiki awakmu wis ngerti alasanne aku ngaruh-aruhi awakmu nganggo basa Jawa, to?

Diari
Sejatine aku wis suwe ora nulis resmi nganggo basa Jawa. Dadi yo grothal-grathul ngene iki. Nanging yen ngomong basa Jawa ya isih saben dina. Ngobrol karo sedulur lan kanca-kancaku liwat WA lan videonan. Tapi yo ngoko alias basa pasaran ngene iki. Campuran basa wetan lan Semarangan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Diary Selengkapnya
Lihat Diary Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun