Ing jaman modern kaya saiki, profesi dadi content creator saya mundhak disenengi dening para kanoman. Miturut laporan saka  Kementerian Komunikasi lan Informatika Republik Indonesia (2023), profesi digital kaya content creator kalebu salah siji pilihan karir sing paling digandrungi generasi enom jaman saiki.
Miturut KBBI ing https://kbbi.web.id/konten, pangertenane konten yaiku informasi kang kesedia liwat media utawa produk elektronik. Dadi, Konten kreator yaiku wong sing nggawe utawa ngasilke konten. Wiwit saka nggawe video kreatif, blog, ngatur media sosial, nganti nggarap karya seni. Minat para kanoman marang profesi iki ora amung amarga seneng nyipta lan nuduhake gagasan. Nanging ngrembakane teknologi lan akehe platform digital marakake kalodhangan iki saya kebuka amba. Miturut Laporan digital Report Indonesia 2024 (We are social x Hootsulte, 2024), kang nggunakake internet ing Indonesia saya tambah akeh lan luwih saka 77% ing popularitas. Lan iki nambah peluang kanggo para content creator supaya luwih gampang ngembangake karyane.
Miturut hasil survei online sing dilakokake dening aplkasi Populix pada April 2024, https://info.populix.co/articles, ana 64% wong saka total responden yaiku 2115, sing ngisi survei ngaku tertarik dadi conten creator. Surveyer iku ngandhakake, kepengen dadi conten creator  amarga kanggo nggolek penghasilan tambahan lan kepengen dadi terkenal.Â
Saka hobi kang sepisanan mung kanggo hiburan pribad, conten creator bisa ngembangake bakat dadi sumber panguripan. Miturut survei saka Influencer Marketing Hub (2024), pemasaran influencer nyurung medhia sosial kanggo dadi saluran iklan paling gedhe ing donya. Perkara iki nganti ngluwihi bayaran $247,3 miliar. Lan kang ngagetake, bisa nggayuh $266,92 miliar ing pungkasaning taun 2025 jroning pengeluaran global. Iku mau kabeh nguwatake perane dadi pusat pengaruh lan keterlibatan konsumen. Data iki nuduhake yen saka hobi bisa dadi profesi sing nguntungake kanthi potensial penghasilan kang cukup gedhe. Andharan iki kajupuk saka https://influencermarketinghub.com/influencer-marketing-benchmark-report/.
Mula saka kuwi, kanggo para kanoman kang lagi nguber cita-cita, aja wedi miwiti saka hobi. Tekuni lan sinau terus, gunakake kalodhangan digital sing ana. Kanthi usaha lan tekad sing kuat, hobi bakal bisa ngowahi dadi profesi sing sukses lan ndadekake mangsa ing tembe dadi luwih padhang.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI