Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Sosbud Pilihan

Ketika Sang Istri Bosan di Rumah dan Harus Kembali ke Orangtua

21 Februari 2020   09:01 Diperbarui: 21 Februari 2020   14:44 569
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Menimang Nawang Sih di tepi air terjun dan telaga tempat bertemu dengan Nawang Wulan. Dokpri

Crita iki candhake tulisan sadurunge kanti irah-irahan: Slendhang Biru.

Setaun urip bebrayatan, Jaka Tarub lan Nawang Wulan pinaringan putri ayu paring asma Nawang Sih. Sepira bungahe sakloron duwe anak wadon ayu kaya ibune. Apa maneh Simbok Dhadhapan, sanajan saya tuwa tetep wae rikat olehe tandang gawe. 

Saben esuk kudu momong lan ngrumat Nawang Sih. Dene Nawang Wulan kudu umbah-umbah popok beruk lan pakeyane dhewe menyang kali. Jaka Tarub saben esuk nganti awan kudu menyang sawah utawa tegal.

Sanajan ta Nawang Wulan ora tau susah, merga duwe  kasekten sing marai bisa tandang gawe tanpa rasa kesel nanging urip ing donya dudu kekarepane. Bali menyang kahyangan urip bebarengan karo para widadari isih diarep-arep. 

Mula saben esuk dheweke menyang kali dudu mung arep adus lan umbah-umbah nanging uga nggoleki slendhang birune sing ilang. Utawa ana widadari kancane sing mudhun banjur menehi slendhang anyar kanggo bali menyang kahyangan.

"Kang aku arep umbah-umbah lan adus ing kali rada suwe jalaran pakeyan sing rusuh akeh. Entenana aku yen arep budhal menyang sawah. Aja sarapan dhisik yen aku durung teka apa maneh mbukak dandang....," pesene Nawang Wulan nalika arep menyang kali.

Mangsa rendheng iki, Jaka Tarub nandur pala kependhem jalaran yen nandur pari bakal gampang rubuh keterak angina lan bisa gabuk. Mula dheweke ngungak lumbung kepingin weruh parine kari sakpira. Sepira kagete jebul parine isih akeh. Banjur ndeleng menyang sentong jebul gabahe ya isih akeh. 

Jaka Tarub bali menyang pawon ndeleng tempeh isih resik gumantung cedhak paga pratandha yen ora tau digawe nampi beras. Hla sing diedang kuwi apa, pikire Jaka Tarub. Ora srantan ndeleng kahanan kaya ngene Jaka Tarub mbukak dandang lan san saya kaget, jebul ing dandang mung ana pari sakwuli. Jaka Tarub sumlengeren mung ndhoprok ngarep pawon.

"Kang...segane wis mateng dak entase," kandhane Nawang Wulan nalika teka.

Nawang Wulan kaget yagene dandange kok enteng ora anteb kaya biasane. Dandang dibuka bareng dideleng pari sakwuli sing dilebokake tetep pari ora dadi sega. Nawang Wulan mbrebes mili, netes luhe. Saiki Nawang Wulan dadi manungsa dudu widadari maneh merga tumindak Jaka Tarub sing cidra janji. Ora percaya karo guneme wong wadon sing dadi sisihane.

Wiwit iku, Nawang Wulan kudu tandang gawe kaya manungsa liyane. Saben esuk njupuk pari ing lumbung banjur diiles nganti rontok dadi gabah lan disimpen ing sentong. Yen arep adang kudu nutu gabah dhisik ben dadi beras.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun