Cipari, Cilacap -- Panas matahari kaya dilosna wektu kuwe, panase nyelekit nganti nembus kulit, ora umum pokoke. Dina Senen, 7 Oktober 2025 bocahan ngapak.net tekan nang ngarep umah sing sederhana tapi keton pergua nang wilayah Desa Mulyadadi Kecamatan Cipari.
Sekang njero umah, krungu suara mesin jahit gemleger ketambahan karo suara geguyon cah cah sing kerja njait. Nang pojok-pojok ruangan, keton kain perca sing pating mblarah --- tandhane Balakosa Clothing lagi kebanjiran orderan.
Zaki Balakosa(40), biasa diceluk kaya kuwe nyambut karo mesem ramah. Dheweke mbiyn guru salah siji SMK swasta nang Kecamatan Cipari, tapi siki lagi mlebu babagan anyar nang uripe. Sawis lolos seleksi PPPK, saiki Zaki mung ngenteni SK metu, karo terus ngembangna usaha konveksin.
"Alhamdulillah, aku wis diterima PPPK. Sambil ngenteni SK, ya fokus disit meng usaha kiye. Sekalian nyiapna strategi supaya tetep bisa mlaku pas aku wis kerja ngko-ngkone," ujare Zaki karo nyetini kacang nang teras umah sing siki dadi tempat produksi.
Tapi sapa nyangka, Zaki --- sing nduweni konveksi "Balakosa Clothing" kie --- babar blas ora bisa njait. Kenthir ora?? Dheweke mung nduw tekad, ide, lan kemauan sing kuat kanggo nyoba. Usaha kiye dimulai kira-kira wulan Juli 2023, sekang niat sederhana, gawe usaha sekaligus mbukak lapangan kerja kanggo wong-wong sekitar, khususe cah nom. Pancen karyawane akeh sing nom-nom. Saiki, ana sekitar wong 8 sing menggawe nang Balakosa Clothing, wong -- wong ndesa sing udu karyawan juga akeh sing kon pada njait nek ulih orderan akeh, dadi kesawaban bisa melu njait.
"Awale aku mung pengin baca selengkapnya....
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI