Lihat ke Halaman Asli

Roro Asyu

#IndonesiaLebihLemu

Monopoli

Diperbarui: 23 Oktober 2020   08:37

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Iki anakku!"

"Aku sing nduwe hak, areke sik bayi Sampeyan gak iso ngopeni."

"Gak urusan karo pengadilan, anakku melu aku!"

Dini karo Ari sing wis ora iso bareng maneh akhire milih pisah. Bola-bali sidang nang pengadilan, ben ketemu sik ae tukaran. Koyo awan iki mau, mari sidang sing wis mutusno wong loro iku pisah, Ari sik ora trimo hak asuh anake dimenangno Dini.

"Sing sabar tho, sakno anakmu. Bayi sik butuh ibuke."

Dulur-dulure melu ngewangi nenangno.

"Ibuke koyok ngunu lek anakku melu kate dadi opo? Opo gak melu dadi lonte sisan ngko!"

"Lek aku lonte trus sampeyan opo? Aku kerjo isuk bengi dingge anak, sampeyan yo melu mangan. Dadi bojo gak onok tanggung jawabe, kerjone mung omben karo main, ngunu sik rumongso suci?"

"Uwis, uwis, mandeg kabeh. Wis pisah, gak usah ngundat-undat sing wingi-wingi. Saiki sing penting anake kopen, diurusi."

"Aku gak lilo anakku mangan duwit hasil.."

"Hasil opo? Aku bayaran mergo kerjo temenan, sampeyan kate makani anakmu atek opo, heh?"

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline