Lihat ke Halaman Asli

Sayyid Jumianto

Menjadi orang biasa yang menulis

Rong

Diperbarui: 17 November 2021   05:33

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dok.prialsayyidja

Rong

Sayyid jumianto

Kahanan urip ing sajrone lemah lagi prihatin mergo gerimis sitik wae njur banjir. Opo iki sik dijenengi udan salah mangsa aku yo ora ngerti.

Udan sasi november 2021 iki rasane adem lan anyes koyo nembus balung lan awak, gawe gitok mrinding lan awak ngigil.

Laron-laron wes padha metu soko rong ing sak jerone lemah lan mabur.  goleki padange jagat iki amung kapusan sunare lampu kang kaanggep sunare bagaskara ning nyata anane.

Orong-orong kang biasane banter nyanyine njur mak klakep koyo kepidak sikile manungsa sakwise omahe kelelep banyu udan.

Ing mangsa rendeng iki ora among orong-orong sik mak klakep njur ora ana suarane ning jangkrik lan gangsir ugo pet ora paha nyanyi nambahi sepi kahanan.

Langganan Kebanjiran koyo ibu kota Ning iki bedo yen ibu kota kuwi banjir mergo banyune laut rob lan kiriman ugo ulahe manungsa dhewe kang dadi sebab banjir iki.

"Angel yen ben sadar bab buang sampah malahan ngluwihi makhluk liyane ing ndonyo iki"rasane biyunge laron lan jangkrik.

"Ning menungsa ugo sik ndadekne kahaban owah deloken mas kuwi sawah tegalan lan kebonan saiki dadi omah, dadi dalan tol gedong magrong-magrong" kandane biyunge laronn

" lan dadi ngono kuwi sik jenenge manungso" bapa lnambahi rasanan biyunge laron.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline