Mohon tunggu...
Sri Wintala Achmad
Sri Wintala Achmad Mohon Tunggu... Penulis - Biografi Sri Wintala Achmad

SRI WINTALA ACHMAD menulis puisi, cerpen, novel, filsafat dan budaya Jawa, serta sejarah. Karya-karya sastranya dimuat di media masa lokal, nasional, Malaysia, dan Australia; serta diterbitkan dalam berbagai antologi di tingkat daerah dan nasional. Nama kesastrawannya dicatat dalam "Buku Pintar Sastra Indonesia", susunan Pamusuk Eneste (Penerbit Kompas, 2001) dan "Apa dan Siapa Penyair Indonesia" (Yayasan Hari Puisi Indonesia, 2017). Profil kesastrawanannya dicatat dalam buku: Ngelmu Iku Kelakone Kanthi Laku (Balai Bahasa Yogyakarta, 2016); Jajah Desa Milang Kori (Balai Bahasa Yogyakarta, 2017); Menepis Sunyi Menyibak Batas (Balai Bahasa Jawa Tengah, 2018). Sebagai koordinator divisi sastra, Dewan Kesenian Cilacap periode 2017-2019.

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Urip: Urip-Uripan, Arep, Urup

19 Februari 2018   16:15 Diperbarui: 19 Februari 2018   16:22 1526
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

LANTARAN ibu, jabang bayi kalairake ing madyapada. Rikala jabang bayi isih abang, ibu tansah ngupakara sarta jaga marang keslametane saka esuk tumekaning sore, saka sore tumekaning gagat rahina. Ora mung ibu, bapa uga tansah melu ngupakara marang jabang bayi. Muga-muga, jabang bayi tansah diparingi kasaranan saka Gusti. Ing pangajap, jabang bayi bisa dadi manungsa utama kang tansah migunani marang sasama.

Sawuse jabang bayi ngancik dewasa, sakloron wong tuwane -- bapa klawan ibu -- kudu bisa aweh pangerten menawa manungsa kang wus dilairke neng madyapada kudu mangerteni tegese urip. Babagan iki ngemu wigati supaya putra bisa urip utama kaya kang ginadhang-gadhang dening sakloron wong tuwana duk nalika lair tumekaning yuswa limang taun.

Supaya putra bisa dari manungsa utama lan migunani marang sasama kudu cegah urip kang mung urip-uripan sarta tansah arep lan karep, nanging kudu urip kang urup utawa murup. Sabanjure urip kang mung urip-uripan lan tansah arep lan karep iku cengkah karo urip kang urup utawa murup.

Urip mung Urip-Uripan

MANUNGSA kang urip nanging tanpa pigunan salawase isih bisa ngirup hawa iku diarani urip-uripan, amarga ora tau aweh makna marang uripe. Tegese manungsa iku ora gelem ngluru kapinteran lan kawicaksanan. Ora gelem budidaya kanggo nyukupi kabutuhan pribadi sarta kaluwargane. Amarga manungsa iku luwih seneng jagake pawehe liyan, tinimbang makarya kang dadi srana antuk pangupajiwa.

Menawa urip mung uripi-uripan, aji dhirine manungsa luwih asor tinimbang ron jati aking. Senajan wus aking, nanging ron jati bisa dipigunake kanggo mungkus gula jawa utawa sega jangan salawuhe. Isih luwih aji kewan sona, senajan uripe asring jagake pawehe juragane, nanging tansah jaga bandhane juragane saka ancamane duratmaka. Mula saka iku, manungsa kang mung urip-uripan datan diajeni mring sasama.

Urip kang Arep (Karep)

AREP tegese "bakal", sawetara karep (kekarepan) tegese "pengin (pepenginan)". Manungsa kang duwe gegebengan arep utawa karep bisa diarani utama, nanging uga bisa ora. Diarani utama, menawa manungsa bisa mujutake arep sartane karep kanthi laku kang ora nyimpang saka bebener. Diarani ora utama, menawa arep sartane karep mung kandheg ing pangucap. Datan ana bedane karo pangayawara.

Supaya manungsa ora diarani tukang ngayawara, mula aja dhemen ngumuke kekarepane marang sasama menawa tangeh bisa mujutake. Satemah manungsa kang dhemen ngayawara bakal ora dipercaya apa kang kakandhakake. Kejaba iku, manungsa kaya mengkono bakal antuk sesebutan "tukang ngecap" utawa "tukang ngimpi ing wayah awan".

Urip kang Urup

MANUNGSA kang urup sajroning uripe tansah migunani marang sasama. Marang kaluwarga, mitra, bangsa, lan nagara. Amarga manungsa kang uripe tansah urup (murup) iku pindha lampu kang bisa aweh pepadhang marang sadengah titah kang lagya kesrimpung pepeteng.  Bisa aweh payung marang wong kudanan. Bisa aweh sandhang marang wong kawudan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun