Lihat ke Halaman Asli

Trian Ferianto

TERVERIFIKASI

Blogger

Serat Kagem Ibuk

Diperbarui: 9 Mei 2021   22:58

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Serat Jawi | Dok. Istimewa

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakaatuh...

Buk, kulo nyuwun pangapunten ingkang kathah, mboten saged wangsul ingkang riyadin tahun niki. Yen diitung-itung, pun tigang tahun kulo lan sekeluarga mboten wangsul tepang Ibuk ten griyo kampung. Asline nggih kulo purun wangsul, nanging piye male kondisi sakniki benten kaliyan tahun-tahun kepungkur. Wonten larangan mudik sangking pemerintah. Amargi anane pandemi ingkang dereng mari-mari.

Buk, asline kulo nggih kangen kaliyan panjenengan. Kangen dimasakke sambel teri. Kangen dimasakke jangan lodeh. Ugo kangen dimasakke soto bening. Pun merantau ten pundi-pundi, mboten enten masakan ingkan sami kaliyan masakane njenengan.

Buk, kulo nggih sadar umur njenengan ngih soyo nambah. Soyo tahun soyo sepuh. Artine nggih soyo suwi soyo cedhak antriane. Njenengan piyambak ingkang sering nembung mekaten. Tapi nggih kulo sadar, manungso sering nggadahi kepinginan, nangin kabeh kedadian nggih pun kersane Gusti Allah. Manungso ingkang njalani kedah ikhlas lillahita'alah. Mugi-mugi kulo tahsih menangi sungkem langsung dateng njenengan.

Buk, putrane njenengan ingkan paling alit niki nggih nggadah duso ageng ten njenengan. Nglarani ati njenengan. Mboten nurut pitutur njenengan. Ugi sering mboten nggatekke njenengan. Tapi njenengan kedah yakin, niku mboten krono kulo pun kesupen marang unggah ungguh marang tiyang sepah. Nanging mergo kondisi mekso kulo koyo mekaten. Kulo nyuwun pangapunten lan jembare ati panjenengan.

Buk, kulo ten mriki kaliyan anak estri alhamdullillah apik-apik kemawon. Senadyan mboten nganti turah-turah, sedoyo pun cekap kangge keluarga. Mboten nganti keluwen, kudanan, utawi utang-utang mung kangge sandang-pangan-papan. Alhamdullillah... Gusti Allah ngersaake dongane njenengan.

Kulo kalian sedoyo ten mriki tahsih nyuwun donga lan restu njenengan mugi-mugi keluarga ten mriki tansah sehat seger waras, bungah atina, lan mboten nganti nelangsa uripe. Mugi-mugi keluarga ten mriku nggih sami sehat sedoyo.

Cekap semanten serat niki kulo tulis. Mugi-mugi tahun ngajeng pandemi pun sudo lan kulo kaliyan keluarga saged sungkem langsung dateng Ibuk lan keluarga sedoyo ten kampung.

Salam dugi putra ragil Panjenengan.

-Trian Ferianto-




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline