Lihat ke Halaman Asli

Rusdi Ngarpan

lulusan Bahasa Inggris UNNES Semarang, mengajar di SMP Negeri 1 Jaken Pati, tinggal di Rembang,dan menulis di beberapa media dalam bahasa Inggris, Jawa dan Indonesia.

Keroncong Gesang

Diperbarui: 26 Juni 2015   06:45

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

dening Rusdi Ngarpan Suryapati

kanggo Mbah Gesang Martohartono

Duh Gusti,
kenging menapa eyang katimbalan
marak sowan ing ngarsa Panjenengan
kamangka taksih kathah ingkang dereng
saged kaserap ngilmu kasampurnaning keroncong
panguripan saking eyang Gesang Martohartono
nalikane yuswa wis ngancik sepuh
pepindhan srengenge wis manglung mangulon
kudunemanungsa enggal tata-tata ngandep Gusti
ora esuk ora sore yen wis winanci katimbalan
bakalmarak sowan tan wonten saged anggondeli
bebasan sakedheping netra ical sang sukma
ninggal raga ninggal sekabehane dalah kulawarga
nadyan ati tansah krasa gela
keduwung durung nate ketemu
ananging kabeh wis dadi pasti
ora bisa dijabut bali
nalikane BENGAWAN SOLO ing sandhuwuring
JEMBATAN MERAH menganggo CAPING GUNUNG
sajak arep PAMITAN ninggalake BUMI EMAS TANAH AIRKU
kanggo DONGENGAN SI PIATU ing TIRTONADI
sawise dadi PEMUDA DEWASA ameruhi DUNIA BERDAMAI
dakusap luh kang LUNTUR nganggo SAPU TANGAN
SEBELUM AKU MATI wis dakngerteni RODA DUNIA
kanthi nembang lelagon AJA LAMIS ing lathi
murih tetep lestari KERONCONG SI PIATU
Keroncong Gesang tetep Gesang
ora nate pisah tetep urip lestari
kaya banyu kali Bengawan Solo
kang tansah mengalir sampai jauh.

mantingantengah-jakenan-pati, 22 mei 2010

#Huruf kapital minangka karyane Gesang.

penulis:Rusdi Ngarpan Suryapati
Nama asli: Rusdi, SPd
Alamat: Jalan Nusa Indah 40 Magersari Rembang 59214




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline