Lihat ke Halaman Asli

Dongeng Jawa, Glenikan

Diperbarui: 2 Januari 2016 Β  22:36

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption caption="GREETING 20160101 Met Taon Baru_AnggrekBambangSTjahjono_20140217_modified&combined"][/caption]

"Glenikan Suroboyo-Malangan"

Prei dowo akhir taun, akeh poro sedulur sing kecukupan mbek kobet wektune yo njuk lungo liburan. Ono sing gur sambang-sinambang nyambung tali silaturahim karo kadang sedulur. Ono sing ngiras-ngirus madhakke rupo karo sedulure Charles Darwin neng bonbin Ragunan, Taman Safari, Gembira Loka lan sapanunggalane. Sing pengin golek howo seger yo njuk naar boven ngebek-beki dalan-dalan cilik ndhuk kawasan wisata pegunungan koyok Cisarua, Puncak, Cipanas, Lembang, Bandungan, Kopeng, Tawangmangu, Sarangan, Tretes, Batu, Songgoriti, mbek Coban Rondho. Utowo nyang pesisir Anyer, Carita, Ancol, Parang Tritis, Tuban, Ngliyep, Watu Ulo, lan liyane maneh ijik uaaaakkkeeehhhh.

Nah, neng salah sitok pesisir dadi tekape nggone syuting VIDEO JETSKI iki. Prasasat oleh dadakan, sak konco ane njuk glenikan ngene iki.

Ane: "Mari ngematno Video Jetski, pebalap opo gak slepeken beluk napase & cumpleng kupinge nek ndelok knalpote motor koq ndhuk ngarep?"
Arief: "Bek-beke wonge wis kecanduan asep knalpot. Koyok cilikanku biyen seneng ngambu bensin...... HeheheheheπŸ˜†πŸ˜†"

Ane: "Anakku mbarep podho. Nek mambu kompor lengo potro dipateni, nginthik nggone mlayu nang pawon. Njuk ndhodhok cedhek kompor ngambus-ambus keluke. Persis patrape kucing nek mambu gereh ditunu."
Arief: "Hahahaha......yo paling bapake sing diconto...!!πŸ˜†"

Sentot: "Wak..kak..kak.."
Ane: "Sam Tontes pancet ae. Trimo mek urun ngakak thok."

Arief: "Podho palingo. Seneng ngambu bengsin."
Sentot: "Niru bapake nek ngambu gereh njero jarit..."

Arief: "Wa kak kak..!!!!!!!!"
Ane: "Sing tak eling-eling ngene. Bener nek pendidikan anak iku ora koq mek wiwit sawise lair. Nanging wiwit neng weteng. Wetenge ibune lho. Dudu weteng putrine tonggo."

Arief: njawabe srono kirim meme 'mari iki ngombe obat'. Ngene iki gambare.

Ane: yo njuk njawab niru nganggo carane. Via meme 'bagus, kasih dia nasi bungkus' iki.

[caption caption="KOMENTAR IMG-20151215-WA Meme Munarman Panglima FPI Perintahkan Panasbung"]

[/caption]
Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline