Lihat ke Halaman Asli

Mas Nawir

Wiraswasta/Penulis lepas

Cerpen | Legenda Ande-ande Lumut

Diperbarui: 22 Februari 2020   00:17

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilustrasi pixabay

Kocap Kacarita jaman mbiyen ono nom-noman bagus  anake mbok Rondo.
Umure wis cukup kok durung gelem golek sihsihan.

Bocah nom Bagus kuwi sejatine pangeran  kang nyaru dadi wong ndeso. Urip srawung karo warga kampung merga karep nggoleki jodhone kang ilang pirang-pirang  taun kepungkur.

Bocah bagus kuwi kawastanan Ande-ande  Lumut iku sejatine pangeran seko kerajaan Kediri kang duweni asma Pangeran Kusumayuda.

Kabar yen ono wong lanang bagus arep nggolek jodho,  banjur keprungu  bocah-bocah prawan kang ana ing kampung kono.

Rada adoh parane seko kampunge Ande-ande Lumut,  sak wijine keluarga kang anduweni anak papat kang aran Kleting  Abang,  Kleting Ijo,  Kleting Biru,  lan Kleting Kuning.

Bocah prawan papat cacahe iku kabeh ayu-ayu rupane,  ananging bocah sing  ragil ketok paling Ayu senajan sabendina gaweane ming neng pawon nglakoni panggawean.  

Bocah telu mangkat karep ngunggah-unggahi Ande-ande lumut.  Kleting Kuning ditinggal dewekan.  Ananging simboke ngerti yen sejatine mung kleting Kuning sing digoleki karo Ande-ande lumut.

Mbakyune Kleting Kuning mangat disik,  Kleting Kuning mangkat keri karo disangoni pusaka arupa kayu.

"Mengko nek ono yuyu kangkang sing ngadang dalanmu,  thutuhuken nganggo kayu iki", mengkono  pesen simboke.

Pancen bener apa sing diomongke simbok,  karep tekan desane Ande-ande lumut kudu ngliwati kali gedhe sing dijaga Siluman Yuyu Kangkang.  Yuyu kangkang  njaluk syarat ngambung pipi siji-siji bocah wadon sing arep disebrangke.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline