Lihat ke Halaman Asli

[Rerasan Banyumasan] Nggoleti Rekaman (Kaset) Wayang Kulite Dhalang Ki Sugino Siswocarito

Diperbarui: 25 Juni 2015   22:55

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Inyong bungah sekeliwat. Jan....bomboooooooooooooong pisan.

Senajan dadi wong jawa tur ya manggo neng desa pisan, inyong pancen kawit bocah mula wis karem sengsem aring kesenian wayang. Ora mung wayang kulit thok, ning wayang wong uga seneng. Angger wayang kulit senenge Ginoan, mangsude wayang kulit sing dhalange Ki Sugino Siswocarito, sing lewih gampang disebut dhalang Gino. Angger wayang wong tah ora patiya paham grup apa sing apik, sebabe ganu tolih TVRI ora saben minggu nyiarna wayang wong. Lah sing agep tek critakena kiye bungah bombonge inyong sing ana gandheng-cenenge karo wayang kulit Ginoan.

***

Seprana-seprene kawit ganu inyong ngangen-angen iloken sapa sing duwe kaset pita rekamana wayang kulit sing dhalange Ki Sugino Siswocarito. Upamane megin ana sing adol tokone aran toko apa, alamate neng dalan apa tur ngendi prapase. Takon aring wong tuwa-tuwa sing tek kira pada duwe benahan, semaure jere, "Alah, wis mbuh pada neng ngendi..mbuh desilih sapa onana sing genah larine". Takon maring "tukang sompok" sing agi jaman tahun-tahun sedurunge 90-an cokan detanggap neng wong mbaranggawe, mbok menawa koleksine kaset wayang kena desilih, semaure pada baen. Kawit tekane jaman VCD jere wong-wong sing mbaranggawe wis ora nanggap sompok maning, sing akhire marakena tukang sompok pada nganggur. Jere tenimbang kaset koleksine kabeh pada mubah ora kerumat akhire suka dedol senajan jere ya olih duwit ora sepiraha. Kaset wayang tah jere deregani madan larang semending.

Sakuan inyong tau menangi kaset wayang dalang Gino neng manisan Pasar Cilongok, tapinen ora komplit. Paling mung sekaset rong kaset. Mbangkanen biasane kaset wayang dalang Gino kae angger ora pitung kaset ya wolu. Jane ya kepengin tek tuku baen kaderan regane ya ora larang ikih. Tapinen anu ora komplit mbok malah mung gawe penasaran thok dadi ya ora sida. Kayane pancen mbuh sapa sing megin duwe kaset pita rekaman wayang dalang Gino sing lengkap. Kepengin duwe kaset wayang dalang Gino mung dadi angen-angen melulu. Seprana-seprene.

***

Inyong dhewek ora sering nonton wayang kulit sing dhalange Ki Sugino. Seliyane merga anane tanggapan dhalang Gino ya adoh-adoh nggone, neng gutheke inyong dhewek pancen ora nibani limang taun sepisan ana sing nanggap wayang dhalang Gino. Pancene ya ora maido, wani nanggap dhalang Gino kuwe kudu ana wragad sing ora semending. Dadi kaya sing uwis-uwis, ana tanggapan dhalang Gino neng desa inyong angger pemrentahan desa sing nanggap senajan bapane inyong lan warga liyane ya dejaluki urunan. Dadi neng desa inyong dewek, anaha tanggapan wayang kulit ya mindeng-mindeng dhalange dudu Ki Sugino.

Dhalang-dhalang sing tau pentas neng desa inyong kaya-kayane kabeh pada niru gaya ndhalange Ki Sugino. Ning senajana nirua kaya ngapa, akehe wong pada kandhah jere ora kaya dhalang Gino baen. Apane sing ora padha? Akeh. Kabeh. Mempera nggulih nyuwara Bawor, jere ora teyeng ngGareng. Mangsude kayane teyeng niru siji ora teyeng niru liyane. Dadi carane ya dhalang Gino megin dadi dhalang kelangenane wong desa inyong. Mung emane pancen ora sering dhalang Gino pentas neng desa inyong. Mulane inyong dewek ya kena dietung ping pira nggulih tau nonton wayang dhalang Gino.

***

Saking senenge aring wayang, inyong sering nyanding radio angger agi ana siaran wayang kulit. Lewih-lewih dhalange Gino, aginen dhalange wetanan baen cokan tek rungokna, senajan esuke laten dadi karipan. Senajan lakon-lakon sing deputer anu wis bolan-balen desiarna, tetep baen inyong njembreng kuping kambi angob-angoban nahan arip. Mung baen angger dhalange wetanan tah inyong pancen arang tekan tutug tancep kayon. Jane tah ora agi ngarani dhalange ora apik, mung pancen merga wayangane ora kaya dhalang Gino dadi ya suwe-suwe ora betah akhire suka milih turune. Apamaning angger dhalange Ki Enthus tah inyong gagian baen mithet radio. Beh temen.

Inyong lakon njajal ngrekam wayang neng radio. Ginoan iya. Lakone Antareja Mbalela sing ana Sentiaki gumun pisan aring alise Praconawati kae. Swarane radio tek lebokna aring komputer, tek rekam endah inyong keturon ya ora papa kaderan ujare inyong mengkone dadi teyeng muter rekaman sewayah-wayah ikih. Temenan rekamane dadi. Mbareng deputer ya bener baen, wayangane ketugel-tugel dening iklan wong genah anu siaran radio. Tapi ya ora papa. File rekamane jebule ekstensine kuwe WAV, dadi gedhe banget ukurane. Mbareng tek konvert aring MP3 hasile malah maen pisan. Sing maune ukuran lewih sekang 2 GB dadi mung 200 MB punjul. Rungokna maning. Jebule hasile konvertan ora bener, mung separo kurang. Alat sing nggo ngkonvert ora bisa ngrampungna terusane. Mandeg ora gelem. Dadi angger kepengin ngrungokna nganti tutug ya kudu nganggo file sing ekstensine WAV kuwe mau. Tek rasa-rasa koh kegedhen temen file, dadi sidane tek busek baen. Anu wayangan ana iklane ikih ujarku.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline