Dening: Khoeri Abdul Muid & Sri Adi Harjono
Rikala Adipati Jayakusuma ngrasuk busana kaprajuritan utamane Kere Waja andel-andele, ingkang garwa tinresna Raden Ayu Retnasari kapang-kapang mrepegi. Kelayan rawat waspa karuna kelara-lara Raden Ayu Retnasari ngrerepa nyuwun lilah budhal ndhisiki laku manggihi ingkang raka nata Sultan Agung Hanyakrakusuma.
"Mangga menawi panjenengan badhe tindak mangsah yuda. Nanging mugi wontena keparengipun Kangmas Adipati kula badhe saparembag rumiyin kalihan Kangmas Ingkang Sinuwun."
"Huh, isih arep ngrembug apa?"
"Menika prakawis seling serap, Kangmas Adipati. Sedaya menika kabekta saking pokal damelipun si Gada Mestaka inggih Tumenggung Endranata. Kados ingkang sampun kapratelakaken dening Paman Bupati Mangunjaya," ature Raden Ayu Retnasari karo kadengap-dengap pamuwune.
"Ah, bola-bali Endranata. Bola-bali Endranata...! Ora-a ana Endranata aku emoh dadi kalah-kalahane Kangmas Sultan Agung. Kaya lelakone swargi Rama Wasis Jayakusuma kang dianggo gedibal eyangmu Kanjeng Panembahan Senapati."
"Nuwun sewu, Kangmas Adipati. Kangmas Sultan Agung menika ngajak sae. Manunggalaken kekiyatanipun para bupati sa tanah Jawi kangge nundhung panjajah. Nun inggih bangsa Walandi," Raden Ayu Retnasari nggenahake.
"Ngajak sae kepriye? Nundhung panjajah?" pitakone Adipati Pragola judhes. "Arep ngusir bangsa panjajah nanging duwe pamrih arep njajah dhewe. Coba dipikir. Para bupati telukan Mataram kuwi uga kudu asok bulu bekti glondhong pangareng-areng marang Kangmas Sultan Agung. Hara, kuwi apa ora njajah? Ah, muleg. Ngeneg-enegi!"
"O' oh..., sejarah lelimengan mangsa kapengker badhe panjenengan ambali malih, Kangmas Adipati," panelangsane Raden Ayu Retnasari sarwi andheprok ngrangkul samparane Adipati Jayakusuma. "Kula aturi emut..., mesakaken dhateng ingkang putra angger Rangga, Kangmaaaaas.....!"
"Aja nyangking-nyangking anak. Dosa nraka tak tanggung-tanggung dhewe. Anak ora nanggung dosane wong tuwa. Wong tuwa ora katut dosane anak. Si Rangga nggawa begja dhewe!"