Lihat ke Halaman Asli

Sayyid Jumianto

Menjadi orang biasa yang menulis

Prehatin Pabrik Pil Koplo Terbesar Kebongkar neng Jogja

Diperbarui: 28 September 2021   07:31

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dok.prialsayyidja

Sayyid Jumianto


Wah edan, malah cerak omahku amung bedo Rt maneh, tobat-tobat ketiwasan. Piye maneh pabrik pil koplo mou wes  madeg ket taun 2018. 

Edan bahan bakune wae soko luar negeri jaringane Jogja, Jakarta lan Kalimantan. Neng Jogja ora amunging dalan Ikip PGRi sonosewu gudange, malah ana Pelem gurih ringroad barat Gamping Sleman. 

Ora nggenah to? Syukur wes diungkap Polda DIY Karo Bareskrim Polri. 

Yen bener ket taun 2018 bener-bener kecolongan lan koyo nampek raine sik kawogan ing kapenawonan Kasihan lan khususe Bantul amergo ulahe wong kang pengen sugeh kang kang halake segala cara. 

Prehatin lan prehatin amergo kawasan pergudangan ing Jalan ikip PGRi mono wes suwe podo madeg lan kabeh kanggo "komplek" pergudangan kang nganti saiki luput soko pengawasan sik kawogan lan kewiyak ana kedadean iki mugo-mugo kabeh gudang ing kono iso di delok opo isi lan kegiatane ing kono.

Waspada lan kudu eling lan ngelengke ora bab usaha kang dilindungi undang-undang  ning kudu aparat desa kudu oleh sidak lan kudu ngerti isi gudang lan kegiatane ben ora kecolongan maneh koyo sik neng cerak panggonanku iki.

 Sebab iki dadi prehatine kabeh wong lan aparat ugo iki kudu dibrasta ora mokal kedadean tindak kriminal koyo klitih 

sik kabeh kebukten podo nganggo narkoba ing kono okeh oknum pelajar lan mahasiswa sik karangket dinugo ana pengaruhe ugo soko pil koplo iki.

Dok.tribunjogjab

Acung jempol karo aparat kang wenang ngraket lan nyekel lan mbongkar pabrik iki.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline