liburan lebaran dina iki krasa seje saka biyasane. menawa tahun-tahun sadurunge aku lan keluargaku biyasane lunga tilik menyang omah simbah ing kampung utawa jalan-jalan menyang papan wisata, dina iki kita mutusake kanggo ngentekake wayah liburan ing omah wae.
wiwiting aku sathithik kuciwa amarga kupikir liburan ing omah mesthi mboseni. nanging jebul, aku salah gedhe.
dina kapisan prei, aku tangi luwih awan saka biyasane. rasane nyenengake bisa turu tanpa kudu mikirake pr utawa tangi esuk kanggo sekolah. sawise sarapan, aku ngrewangi ibu nyapu lan mengepel omah.
biyasane aku malas-malasan, nanging amarga ora ana kagiyatan liya, aku dadi luwih sengkuyung ngrewangi.
saka liburan iki aku sinau menawa seneng ora tansah kudu teka saka papan-papan adoh utawa larang. kadhang, kang paling wigati yaiku kebersamaan lan momen-momen prasaja bareng kulawarga. liburan ing omah dina iki bener-bener ora kalalekake bagiku.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI