Lihat ke Halaman Asli

Jamur Barat

Diperbarui: 24 Juni 2015   05:44

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

1383275757717112047

Tembung "jamur barat" mbok menawa rada aeng tumrape saperangan para maos, apa maneh kanggone sedulur-sedulur ing sajabane tlatah Jawa Tengah lan Ngayogyakarta. Ngenani tembung jamur kaya salumrahe jamur sing wis dimangerteni, ewadene tembung "barat" ora ana sesambungane karo tembung "timur, selatan, utara" . Tembung barat iku digunakake warga karang pradesan ing tlatah Klaten sisih kidul lan Gunungkidul kanggo ngarani "angin", apamaneh menawa angine lumayan banter. Menawa angin kang nempuh dibarengi udan deres, mula uga diarani udan barat. [caption id="attachment_289193" align="alignnone" width="300" caption="jamur barat"][/caption] gambar diambil dari  http://piaoliangasti.files.wordpress.com/2013/06/photo0145.jpg Nalika aku isih cilik, mapan ing perengan sisih lor tlatah Gunungkidul tapel wates karo Klaten, menawa sore utawa bengine ana udan deres dibarengi barat gehde, esuke kejaba nyetitekake pomahan lan wit-witan ing sakiwa tengen omah uga niliki papan-papan ing sangisore wit-witan, kalebu ing secedhake dhapuran pring. Padatan, saben bubar ana udan barat, aku sakanca bisa nemokake anane jamur kang jumedhul saka lemah teles ing sangisore wit utawa sacedhae dhapuran pring. Jalaran jumedhule kerep didhisiki anane udan barat mula jamur iki katelah kanthi jeneng jamur barat. Kaya lumrahe jamur kang enak dipangan, payunge jamur barat iku kelebu gedhe (amba). Mung wae menawa telat anggone nemokake (jupuk) menawa wis kawanen payunge jamur barat iku lumrahe bakal bosok utawa kedhisikan dipangan semut.  Mula saka iku, ing papan-papan sing kerep tuwuh jamure, saben esuk sabubare ana udan barat mesthi diungak, ditiliki kanthi premati. Eman-eman menawa nganti jamur barat sing wis njedhul iku ora kopen lan bosok. Sawise diresiki saka lemah sing nempel, dikumbah nganggo banyu resik, jamur iku dibuntel nganggo godhong gedhang dicampuri uyah sethithik; banjur diurugi nganggo awu panas saka keren utawa diwenehake sangisore keren. Udakara wektu lima tekan sepuluh menit, pepes jamur barat iku wis bisa kanggo lawuh sarapan sadurunge budhal sekolah. Hmmmm................ sanadyan anane mung thiwul ireng, nanging dilawuhi pepes jamur barat, rasane pancen ngangeni.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline