Lihat ke Halaman Asli

Lina M

Wisteria

Milih Mundur Tinimbang Kintir

Diperbarui: 14 Juni 2022   10:33

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Sumber gambar: dokumen galeri pribadi

Adrian pancen tresna lan gemati marang aku, ananging ibune seje. Bu Ana ora sarujuk menawa anake lanang sesambungan karo aku, wong wadon sing dianggep kurang pantes sesandingan karo anake wong kajen.

Crita-crita ana drama Korea kasunyatane kedadean tenan ning uripku. Kabeh ngendikane Bu Ana bener, ora ana sing kleru. Endi aku elek rupa sisan saktindak-tanduke, keluarga ora kajen lan pagaweanku saiki ngisin-isini. Akeh wong wadon sing nyeraki Adrian. Aku diduduhi foto-fotone pancen mblesekake aku sing kaya remukan rengginang. Ayu, pinter kathik sugih. Seje karo aku sing mara ning caf iku ndadak mantolan model lawa amarga udan deres.

Mbasan mangerteni ibune ra sarujuk, aku rumangsa abot menawa nerusake sesambungan iki. Arepo anake lanang gemati ananging yen keluargane ora nampa aku ya arep ngapa? Mbesuke bisa bakal luwih milara ati.

"Aku wegah yen ora karo kowe, Nin," ujare Adrian.

Krungu omongane sing melas nggerus ati agawe aku sidane mung meneng wae ketimbang padu utawa tetangisan. Anggone omongan dhuwur sangga langit kaya-kaya perkara ibune sing ora sarujuk kena diadepi kanthi gampang. Jeroning batin dak sempolehi kabeh.

"Arep nguyak apa? Arep nemoni apa?" ujarku sakdurunge Adrian mulih. Dheweke katon delag-deleg, ora enggal mulih. Aku durung mapan turu nganti keprungu swara mobile ngadoh saka kontrakan.

Ning ngarepku Adrian gemati lan ngupayakake aku yakin menawa kabeh iku bisa diadepi. Ning mburiku ibune ngajani aku supaya ngadoh. Kabeh dak saguhi. Saguh ngadohi Adrian, nanging rasa tresnaku sing gawe isih ora jenjem ninggalake dheweke.

Dhisike perkara iku dak nengke wae. Adrian tetep gemati lan pengarep-arepku Bu Ana mangerteni senajan aku ora ayu lan udu anake wong kajen ananging aku iki bocah sing apik-apik, ora neka-neka. Suwe sansaya suwe atiku lekas ambrol.

"Ana apa ta iki?" pitakonku marang awakku dhewe sing rumangsa kesuwen ngenengake kahanan. Kayane wis mangsane aku milih dalan sing sakmestine dak jupuk. Aku kudu dadi wong sing teges, ora leda-lede maneh.

Aku bisa wae berjuang supaya oleh restu saka Bu Ana. Ananging atiku ora saguh. Pager sing kudu dak tembus kedhuwuren, kali sing kudu dak sebrang kejeron lan menawa nekat malah bisa kintir. Aja maneh weruh Adrian sing mestine ewuh marang Ibune. Suwe-suwe omongane wong tua bakale digugu. Arep kepiye-kepiye Adrian lan Bu Ana iku sesambungane anak lan biyung. Ora ana sing bisa methalake sesambungan getihe anak biyung.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline