Lihat ke Halaman Asli

Sugeng Tanggap Warsa Kagem @KoplakYoBand (2)

Diperbarui: 24 Juni 2015   02:44

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Kulonuwunnnnnn...

*bekson suarane Shoimah sing mbrebegi kuping*

Pripun kabare poro sederek sedanten? Sae?? Syukur nek sae, kulo nggih Alhamdulillah sae, tansah ayu, lemu ginak ginuk lan nyenengke *dibalangi botol akua*.

Sampun ngertos nopo meniko @KoplakYoBand? nek mboten ngertos yo mbangeti, ketok nek sampeyan katro', ra gawul, kamso lan sakpanunggalane. Rugi tenan nek sampe ra ngerti @KoplakYoBand ki opo..opo gunane sampeyan urip nek lempeng nggejejrek koyo kanebo garing. Kaku, wagu, ra mutu....!!!

*glege'en, wareg misuh*

Intine ngene *ben cepet, wis sore selak jago-ne serak le kluruk* @KoplakYoBand kui kumpulane wong sing janne genep kabeh, ora ganjil, opomeneh desimal lan phytagoras. Saking genah-e wong-wong kui, nek nulis yo janne mung basa basi tok. Sing penting saut-sautan komen. Jan-jane aku ki yo gumun, wong ning waslap bendino wis guyon, kok yo sih ra ono wareg-e. Tapi ben wae lah, ra sah direken. Nek sitik2 digagas ndak koyo bu Ani, mesakne bang Haji Oma ra diurusi *dipentung kamera*.

Wingi, @KoplakYoBand ulang tahun ke 2. Kui nek bayi sih lucu-lucune. Tapi yo lagi pol-polane njengkeli, ngompolan ning ndi-ndi diewer-ewer. Jebule wong sarap ki yo nek kumpul awet yo. Koyo cintaku pada Bang Haji, ra ilang dipangan jaman *diterjemahne mentah2*

Sugeng Tanggap Warsa Dumateng @KoplakYoBand, Mugi Gusti paring panjang yuswo ingkang barokah, Mugi Gusti tansah midangetaken pandonga (bapak/ibu dll), paring bagas kasarasan lan katentreman.

kok ujug-ujug iso kromo? yo iyo lha wong copas ning gugel. Jaman saiki kok ngarang, wegah men!

=======

nuwun sewu nek bosone nggasruh bin ngawur, maklum, boso Sundo yo ra iso, boso Jowo kromo opomeneh. Dadi menungso kok nanggung.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline