Lihat ke Halaman Asli

Udan

Diperbarui: 26 Juni 2015   02:38

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

[caption id="attachment_126506" align="aligncenter" width="235" caption="dari ariesya.blogspot.com"][/caption]

Langkahku tekan sawijining tlatah Jangkahku kandheg satengahing wayah Ing kene, yen cinandra kaya tangi saka ngimpi Apa malah mlebu alam impen?, mbuh ora ngerti

Lemah dak rasa teles, tlapakanku anyes Suket godhong padha mesem, atiku krasa ayem. Ladalah.. iki dudu bun kang kedadeyan saka pedhut Kalen cilik kemricik, banyune mili selaning krikil sedawaning lurung Aku ngandel, aku percaya, sliramu mentas wae teka.

Ah udan, geneya teka tanpa taliwara Ngertiya mono, aku bakal gelis mara Kepingin aku ngrungoke critamu saka langit Bab bintang apadene rembulan, Uga mendhung kang angel tinemu ing ndalan.

Udan, saiki sliramu wis lunga Ninggalke awakku kang kepingin titip sasmita

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline