Lihat ke Halaman Asli

gurujiwa NUSANTARA

pembawa sebaik baik kabar (gurujiwa508@gmail.com) (Instagram :@gurujiwa) (Twitter : @gurujiwa) (Facebook: @gurujiwa))

Waktu Aku Lair Esemmu Durung Mawujud, Nanging Tresnaku Wis Pinasti

Diperbarui: 3 Juni 2021   04:10

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Aku lair karana tresno karo esemmu(lovepik)

Wektu aku lair
Donya petheng ndedhet
Dadi byar
Padang jingglang

Saking kagete
Aku nangis kuenceng banget
Nganti kentheng podo tibo
Gedhek gemroyok
Lemah do mlethek
Angin mobat mabit
Bumi gumregah tangi

Kuwi kahanan wis wingi kapungkur
Nganti Saiki donya isih kebak tangis
Perang batin tanpa kendat
Goro goro tanpa dinugo

Alas ketangga dibabat
Nganggo untu wojo
Raseksi rasekso
Buto ora kolo kolo
Selawase angkoro murko

Iwak neng laut
Iwak neng kali
Dikuras
Ditawu
Nganti entek amek
Kurang golek
Kali ilang ruh e
Laut keli hanyut segara ning pangaksami
Segara asat palilahe

Kahanan jagad cilik
Ora tentrem
Mosak masik
Dilabrak angin lesus kabar hoax jaman edan
Kabeh seneng lelungan
Dadi kalamunyeng
Unyar unyur
Ora eling dalan bali

Wektu aku lair
Milyaran bayi balapan lair
Rebutan wahyu pepadang urip
Bumi dadi gedebog tancepan
Wayang turune kurawa
Lan pendawa
Kabeh podo pingin dadi lakon
Pinunjul pepadang urip
Ingkang urip

Wektu aku lait
Sliramu durung cinipta
Banjur seumurr gesang
Lakuku hamung goleki
Wangi
Eloke
Laku uripmu sing kebak esem

Wektu aku lahir
Iki dino
Pira suwe kepungkur
Tansah  kinira
Tanpa kinitung
Begja
Abyor lena pepujan
Luput
Lali,
Gusti matur sembah nuwun
Kangem paket jangkep
Riwayat lelampahan sembrana kawulamu
Kang durung pantes digugu lan ditiru

Wektu aku lair
Isin ora klamben
Kanthi seprene isih ngisin ngisini
Durung dadi manusia jati




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline