Lihat ke Halaman Asli

Garkhabasu

Diperbarui: 31 Agustus 2023   07:26

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

Garkhabasu utawa Gelar Karya Bhawikarsu yaiku sawijining adicara taunan kang dianakake ing SMA Negeri 3 Malang. Adicara iki yaiku pagelaran kagunan kang ing bawahi dening seksi 8 OSISPK Bhawikarsu. Seje karo PSCS kang yaiku pagelaran kagunan diselenggarakake kanggo dinikmati wong-wong umum, pagelaran iki mung oleh dinikmati ing lingkup SMA Negeri 3 Malang. 

Adicara Garkhabasu duwe isi penampilan saka siswa/siswi SMA Negeri 3 Malang apik arupa beksan, drama, puisi, band lan sapanunggalane. Diselenggaraknane adicara Garkhabasu nduweni siji tujuwan yaiku kanggo nuangake lan menehi wadhah bakat lan minat siswa mligine dibidang kagunan. 

Garkhabasu tansah nduweni tema lan tetuwa pelaksana kang seje disetiap tahune. Garkhabasu 2023 ing ketuai dening Kak Regina Dinda Ayu lan nduweni tema "Carita Rakyat : Carita Ing Walik Keberagaman". Tema kasebut nduweni teges keberagaman carita ing indonesia kang nggawe awake dhewe bernostalgia lan menehake awake dhewe pasinaon ateges. 

Sanadyan ditembungake pagelaran kagunan kang mung dilaksanakake ing lingkungan SMA Negeri 3 malang, persiapan dibalik Garkhabasu dudu bab kang gampang lan kudu disiyapake kanthi mateng. Garkhabasu taun 2023 diselenggarakake ing tanggal 13 Mei 2023, persiapan diwiwiti ing wiwiting taun yaiku Januari 2023 sawise diadakane serah trima jabatan kabinet OSISPK Bhawikarsu. Persiapan Garkhabasu diperang dadi telu tahap yaiku "Pra-Garkhabasu", "Sesi Coaching Klinik", lan ditutup karo adicara "Garkhabasu Puncak". 

"Pra-Garkhabasu" yaiku tahap seleksi awal kanggo para pasarta kang ndhaptar kanggo tampil ing adicara Garkhabasu. Kanggo para pasarta kang lolos seleksi jero tahap "Pra-Garkhabasu" iki bakal mlebu telu pasarta penampilan gedhe kang arep tampil ing "Garkhabasu Puncak". 

Para pasarta kang lolos ing seleksi "Pra-Garkhabasu" bakal mlebu nang tahap "Sesi Coaching Klinik". Ing tahap iki para pendaftar kang lolos bakal ndek latih dening pelatih kang wis disediakake dening panitia jumbuh karo pang lomba kang wis disedyakake. Lawase tahap "Sesi Coaching Klinik" para pasarta arep diwenehi lebonan, kritik, lan saran. Sawise latihan karo para pelatih ing tahap "Sesi Coaching Klinik" para pasarta arep tampil ing "Garkhabasu Puncak". 

"Garkhabasu Puncak" dianakake ing SMA Negeri 3 Malang arupa pagelaran cilik kang dianakake ing jam 11.00 nganti 22.00 wib nampilake saindenge bakat saka siswa/siswi SMA Negeri 3 Malang. Jroning adicara Garkhabasu uga ana penghargaan kanggo siswa/siswi penampilan paling apik, penghargaan iki arupa sertifikat kang wis ditanda tangani dening kepala sekolah yaiku Ibu Hj. Asri Widiapsari M.Pd.

Garkhabasu ora mung sekadar pagelaran hiburan wae. Ananging siji apresiasi dhuwur kanggo siswa/siswi SMA Negeri 3 Malang kanggo nyalurake kreatifitase jroning bidang kagunan. Adicara kaya kudu tetep dilestarikake ben inovasi lan kreatifitas pasarta didik terus terasah lan ora tau mati. Saengga tansah ngasilke karya inovasi anyar kang migunani nggo kamajuaning w

angsa.




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline