Lihat ke Halaman Asli

HasfitaHM

Be brave be humble!

Iki Critaku lan Udan

Diperbarui: 25 Oktober 2021   05:14

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

gambar hujan, sumber : istockphoto.com

                                                                                                                                                                                                    Karya : Hasfita Helda Masyitoh

Jenengku Ceria biasane diceluk ria merga sesuai karo sifatku sing iso gawe wong-wong seneng utawa guyu. Aku kerja ing perkantoran bagian ngurusi administrasi sing mlebu ning kantor. Iki critaku lan udan.

Jam nunjukake waktu wayahe leren aku lan kancaku ngaso ning cafe cedek kantor. Awakdewe pesen es Americano ben kaya ning drama-drama korea. Sawise bayar aku lan kancaku jenenge Nadya guneman karo mlaku mbalik menyang kantor.

“Eh eh awakdewe ning kene yowis suwi tapi aku kok durung nemu lanangan sing cocok kanggo aku dewe. Umurku 24 taun tapi karo Bapak Ibu ku wis ditakoni kapan arep rabi ngono” celetuk Nadya

“Lha nek arep golek jodoh ya ora ning kantor ta Nad, tak saranke ning biro jodoh kono lho!” balesku

“Ogak ngono Ri, kan biasane ana istilah sing witing tresna jalaran saka kulina merga awakdewe ning kantoran ya mestine pora cepet iso ketemu”

“Iya sih, tapi iki ora kaya ning drama korea sing ngono kae lan kabeh iku ana proses sing dawa ora langsung instan”

“Aku percaya sih yen nek tarah wis jodoh bakalan petuk ya ta. Eh Ri iki langit mendung ya? Arep udan iki mestine”

“Durung tentu Nad merga biasane mendung durung tentu udan iso wae gur angin tok”

Aku lan Nadya sakdurung mbalik ning kantor shalat ning mushola cilik samping kantor sawise iku banjur lungguh ing panggonane dewe-dewe.Wong kantor iku sibuke ngalahne presiden merga sakben wong duweni peran dewe-dewe. Waktu nunjukake  jam 4 sore wayahe mulih tapi tibakno udan deres. Aku lan Nadya ngenteni neng arep lawang metu kantor. 

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline