Lihat ke Halaman Asli

gurujiwa NUSANTARA

pembawa sebaik baik kabar (gurujiwa508@gmail.com) (Instagram :@gurujiwa) (Twitter : @gurujiwa) (Facebook: @gurujiwa))

Kemboja Kuning Mripatmu, Miloro Ati Saklawase Uripku

Diperbarui: 29 Mei 2021   08:53

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Kuning kemboja elok neng mripatmu (gurujiwa) 

Iki kamboja kuning
Mrenthul kembange
Ngelingake tetes bening
Luhmu
Nalika aku lungo
Merantau golek panguripan
Rezeki ingkang becik

Sepiro suwe
Tansah eling
Tansah emut
Tambah kangen kembang desa
Tunggul wulung kampung sing daktresnani

Ananging sewu kutho
Sewu janji
Semono suwe
Aku ora bisa bali

Urip neng kutho prasasat sengsoro
Tanpa esemmu
Tanpa kopi anget pas gula
Racikan tangan elokmu
Pahit brotowali panguji diri

Sampai telung riyaya
Aku ora bisa bali
Panen pari kangen
Neng sawah terasiring hati
Kebak anakan iwak lucu
Sing mubeng welas asih
Ning byar mripatmu
Sing koyo srengenge
Ora tau aslup
Tan hana grahana

Sampai aku ora bisa mbelani
Sliramu
Wektu dijodokke karo pak Kadus

Aduh kemboja kuning
Ingkang elok wangi
Pangunjoro atiku
Ampuni aku
Nyuwun palilahmu
Ora sanggup mertahanke
Benteng tresno sejati kita

Hamung kopi pahit
Kembang kemboja layu
Kanca setyo tuhu
Ngancani uripku
Tanpa srengenge tresna
sliramu
Kemboja kuningku




BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline