Lihat ke Halaman Asli

Sayyid Jumianto

Menjadi orang biasa yang menulis

Jajan Pasar

Diperbarui: 12 September 2021   12:10

Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Dok.prialsayyidja

Jajan pasar

Sayyid jumianto

Minggu esok iki aku mlaku-mlaku karo bojoku mumpung ing tlatah kene wes mudun level PPKM. Eyum krasa esuk iki mendung ing saknduwure Jogja katon marahi edum hawane.

 Mendung ing sisane ketiga mucuk ing sasi rendeng. Kabeh kadang tani ngantu-ngantu iki mangsa ketiga akhir opo mangsa rendeng ing tengahe sasi September mbiyen ing pranata mangsa wes rendeng ning wolak waliking zaman saiki amergo pokale manungsa kabeh kahanan dadi owah. 

Pranata mangsa kaganti ramalan cuaca soko BMKG kang update pendak dina pendak detik iso di akses nggo HP sisan, nambahi pranata mangsa ing tanggalan kalah update.

Mbiyen sakdurunge gantine musim ngene akeh wong podo ujub syukur yoiku kanti upacara-upacara slametan kang nyambut gantine musim ngene iki. Sego kuning, pitik ingkung, gudangan lan jajan pasar kanggo wujud syukur karo sik anggawe urip lan kabeh kamggo nylametake kahanan, alam, ugo kelangsungan urip sak ngarepe mengko.

Dok.pri Alsayyidja

Jajan Pasar


Jajan pasar mbiyen amung dianggo upacara, slametan ana ing tengahe masyarakat Jawa khususe ing tlatah Jogja lan Jawa tengah kanggo ngepyaki, nyongsong iki jajan pasar saiki bedo saiki kabeh wong iso tuku ing ngendi papan.

 Amergo kuwi kabeh jajan pasar wes kanggep panganan lumrah wae koyo kue-kue roti-roti kering, basah lan kue gawean pabrik liyane. 

Lumrahe jajan pasar saiki dadi panganan lumrah ing sak tengahe masyarakat lumrah umum tuku ing kios-kios lumrah.

Halaman Selanjutnya


BERI NILAI

Bagaimana reaksi Anda tentang artikel ini?

BERI KOMENTAR

Kirim

Konten Terkait


Video Pilihan

Terpopuler

Nilai Tertinggi

Feature Article

Terbaru

Headline