Mohon tunggu...
Julian Asahi
Julian Asahi Mohon Tunggu... Guru - Never Give up

Bermimpi tanpa berusaha kosong Berusaha tanpa bermimpi hampa Bermimpilah dan berusahalah wujudkan impianmu...

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Ora Ngapak Ora Kepenak

10 Agustus 2020   18:08 Diperbarui: 10 Agustus 2020   18:29 207
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Enyong asli wong cilacap jawa tengah. Enyong wong ngapak. Wong ngapak nek ketemu wong ngapak nang ndi bae ya ulih ngomong karo bahasa ngapak. Jarene nek ora ngapak ya ora kepenak. 

Sing diarani wong ngapak kue basa jawa wong sing sekang daerah BARLINGMAS CAKEB 

Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap karo Kebumen.  Sebenere bahasa ngapak kan daerah masing masing kue pun ana bedane sending sending. Contone nang Banyumas ana kata kata penjorangan nek nang cilacap ya artina kurang lewih pada karu Saru. 

Pas enyong nang Purwokerto, jerene pacare enyong ngomonge ndesa banget. Anu ngapak pisan. 

Pas enyong sekolah nang Surakarta sering di guyu nang kanca kancane jere nek ngomong lucu. Mburine jere -K. Padahal rumangsaku ya ora, biasa bae. Lha ya nang Solo ngomong "Ngapa" dadi "Ngopo" anu ra terbiasa krungu Ngapa sih dadine ya seolah olah krungune "Ngapak". 

Lha bar kue enyong nggolet gawean nang daerah Aceh tepate Kabupaten Gayo Lues. Ujarku Bahasa Aceh mung sisi, rupa rupane bahasa Aceh karo Gayo beda adoh. Kaya jawa karo sunda. Nang gayo kiye bahasane ana sing pada kaya bahasa ngapak. 

Contoh "Mangan" nang kene artine kue makan tapi alus sedangkan nang jawa mangan kan artine pada bae tapi mandan kasar. Ujarku nang Gayo kene ora nana wong ngapak, lha jebule ana daerah transmigrasi isine wong Ayah kebumen, gandrung mangu Cilacap. 

Lha ya wis jodone wong ngapak ketemu dulur ngapak nang kene. Tapi nang ndi bae neng wong ngapak ketemu wong ngapak rasane seneng. Kaya ketemu dulur kandung senajan nembe ketemu nang kene. 

Salam satu bangsa satu bahasa 

Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun