Mohon tunggu...
Wisnu Nugroho
Wisnu Nugroho Mohon Tunggu... Penulis -

mengabarkan yang tidak penting agar yang penting tetap penting

Selanjutnya

Tutup

Politik

Cicak Nguntal Baya

23 November 2009   09:15 Diperbarui: 26 Juni 2015   19:13 1483
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Politik. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Freepik

[caption id="attachment_286467" align="alignnone" width="500" caption="mural di salah satu tembok sekolah menengah di jogja tentang korupsi yang merajalela. (2009.wisnunugroho)"][/caption] malam minggu pahing lalu, ditemani gerimis saya menuju dusun kapetroekan karang klethak melalui jalan kali urang, sleman, jogjakarta. selepas jalan besar beraspal, langkah saya menuju dusun yang rimbun dengan rumpun bambu petung itu diterangi obor di beberapa tepi jalan. angin malam yang terasa semilir berembus dari balik rumpun-rumpun bambu membuat kulit saya merinding. namun, kaki saya terus melangkah bersama beberapa orang lain. keramaian di ujung jalan menambah semangat saya untuk berjalan. hangatnya wajah-wajah pedangang makanan kecil di tepi jalan membuat saya merasa disapa dan dipersilahkan. jajanan khas desa tanen yaitu slondok hangat yang dironce di bilah bambu memanggil saya untuk berhenti. sepulang dari dusun kapetrukan, saya berjanji akan membeli. saat datang, lagu iwan fals bersama swami berjudul bongkar sedang dibawakan sejumlah seniman. lagu itu menghangatkan suasana malam yang mulai beranjak naik menuju puncaknya. puluhan seniman lain di dua rumah panggung bambu petung tengah menyelesaikan lukisan mereka. tema utama acara malam itu termasuk juga tema lukisan para seniman adalah: cicak nguntal baya. untuk anda yang tidak akrab dengan bahasa jawa, arti harafiah tema itu adalah cicak melahap buaya. sebuah tema yang mustahil tetapi bukan berarti tidak bisa. sementara lukisan diselesaikan, mbak oneng yang belakangan berusaha memopulerkan diri sebagai rieke dyah pitaloka tampil menyampaikan orasi budaya. kebaya merah menyala dikenakannya di malam tanpa bintang karena gerimis. di panggung dengan peneduh pohon-pohon besar itu tiga perupa menggambar juga dengan tema cicak nguntal baya. tiga perupa itu adalah djoko pekik, teddy, dan putu "liong". ukuran kanvasnya 2x3 meter. karena besarnya, butuh tiga perupa untuk menggambarinya dengan cepat. sementara tiga perupa menggambar, tampil romo sindu yang menggagas acara. dengan tiga lembar kertas yang dibawanya, puisi cicak nguntal baya dibacakannya. ratusan warga sekitar dan tamu dari luar kota datang membaur bersama puluhan seniman jogja. tampak di antara mereka adalah butet kartaredjasa dan djaduk ferianto. berikut ini puisinya saya bagikan kepada anda. untuk yang tidak tahu bahasa jawa, silahkan menerka dan maaf karenanya: cicak nguntal baya bis tawa, mil tawa, sirna hawaning baya, lah murbaning tawa, sumingkiro kabeh bebaya, huk kebar, huk kebar, wahulaku, huk kebar, huk kebar, anelahku, baya pati, baya cilaka, baya nepsu bis tawa, mil tawa, adoha saka jagadku. bumine mlethek panase ora karuan-karuan wong tani nelangsa arep-arep udan wong cilik angel golek sandhang pangan tekek-tekek dadi barang dagangan tekek sing gedhe regane larang wong padha tuku tekek nganti wani jutaan sing duwe bakal dadi juragan pangkate bakal munggah lan aman othok-othok tekek akale manungsa wis entek manungsa ora bisa maneh murba laku lan nasibe dhewe sing murba laku lan nasibe saiki khewan yaiku wolak-walike zaman iku mung pralambang bakal tekan zaman walikan tekek baya lan cicak dadi udur-uduran ana baya nanggo topi polisi karepe cicak arep diidhak bayane malah diuntal cicak bisa tawa, mil tawa, sirna hawaning baya, lah murbaning tawa, sumingkira kabeh bebaya he kowe cicak, mangsa bisa kowe nguntal aku mung nyokot untuku wae, cangkemmu wis bakal suwek lha kok kowe arep nguntal sarandhuning awakku he baya, gedhe endhi kowe lawan jagad saisine jagad saisine, sak gunung-gununge, sak samodrane ora sesak mlebu jroning wetengku nek ora percaya, kene tak untale awakmu huk kebar, huk kebar, wahulaku huk kebar, huk kebar, anelahku bis tawa, mil tawa, sirnaa hawaning baya lah murbaning tawa, sumingkira kabeh bebaya bareng wis mlebu ing wetenge cicak baya kaget ing pandulune nyawang samodra gung tanpa tepi awang-awang uwung-uwung ora krasa wetan kulon lor kidul ora ana ngisor ora ana nduwur baya anane mung bingung he baya, sira wis ana ing jagad walikan jagade wong cilik lembut tan kena jinumput ning gedehene ngebaki jagad kowe nyawang apa, he baya? aku nyawang werna ireng, abang, kuning, lan putih lha iku, baya, nepsumu sing ireng, iku nepsu kuasamu sing arep ngidak-ngidak wong cilik kaya aku sing abang, iku nepsu angkara murkamu sing meres uripku lan mbutoni atimu marang dalaning eling lan waspada sing kuning, iku nepsu akalmu sing seneng mbaya, ngapusi, ngakali goroh lan njlomprongake wong sing wis sengsara sing putih iku, nepsu kesucenmu sing dehemen nutup-nutupi,s emuci suci, lang sumpah lillahi ta'alla mula he baya, ngaca marang jagadku, jagade waong cilik iki supaya kowe bisa nyingkuri kadurakanmu lan bali mulih ing jagad kesunyatan lan kabeneran: jagade wong cilik kaya aku kowe nyawang apa maneh, he baya? aku nyawang ilatmu, cendhak ning dawane kok ngungkuli dawane kali ya ikut ilatku, sing bisa nyedot titah gedhe sepira wae uga sing gedhene kaya gedhene awakmu, he baya banjur kowe nyawang apa maneh, he baya? aku nyawang buntutmu, wis pedhot kok isih bisa ogal-agil ya iku buntutku, kok pidhak siji dadi sewu: ya iku sing jenenge aji candrabhirawa, ajine wong cilik saya mbok idak, saya brontak saya mbok pateni, saya urip saya mbok apusi, saya lantip ing budi ya iku sing jeneng people power, he baya nadyan lembut tan kena jinumput, gedhene ngebaki jagad mula sanadyan aku mung cicak aku bisa nguntal kowe, wong gedhemu luwih cilik timbang jagad saisine people power, cicak nguntal baya bisa tawa, mil tawa, sirnaa hawaning baya people power, cicak nguntal baya lah murbaning tawa, sumingkira kabeh bebaya huk kebar, huk kebar, wahulaku huk kebar, huk kebar, anelahku baya pati, baya cilaka, baya nepsu bis tawa, mil tawa, adoha saka jagadku muga-muga lebura jagade baya dadi jagade cicak muga-muga lebura jagade wong sing gedhe lan kuasa dadi jagade wong cilik muga-muga para petinggining bangsaku rinuwatna saka hawa kamurkaning baya tinebihna saka pamblithuking baya sinucekna saka suci semucining baya muga-muga wakile rakyatku ora gampang keplok nyarujuki apus kramane baya lan gampang trenyuh ing tangise baya sing gumampang gampang nyebut asmaning allah karo sumpah lillahi ta'alla muga-muga negara ini siningkirna saka korupsi sumingkirna saka kriminalisasi lan muga-mua ing negara iki ora ono maneh baya sing nganggo topi polisi muga-muga nek nganggo topi nganggoa wae topi miring kaya pangoentji bis tawa, mil tawa, sirna hawaning baya, lah murbaning tawa, sumingkiro kabeh bebaya, huk kebar, huk kebar, wahulaku, huk kebar, huk kebar, anelahku, baya pati, baya cilaka, baya nepsu bis tawa, mil tawa, adoha saka jagade bangsaku. puisi selesai dibacakan. hawa sejuk pegunungan dan angin semilir dari balik rumpun bambu datang seperti hendak menyebarkan ke seluruh penjuru angin. salam dari jogja saya mau menikmati slondok yang dironce dengan bilah bambu buatan warga desa tanen sambil mendengarkan puisi sindhunata berjudul "ngelmu pring" yang dinyayikan secara hiphop oleh rotra. semoga nanti malam ada kabar baik dari istana.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Politik Selengkapnya
Lihat Politik Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun