Angesthi Paraning Gusti
Nalika prentuling rasa
tuwuh ngrembaka
nyadhong wilasa
Dak eksi paraning Gusti
mrih basuki pinanggya wuri
langut-langut daktapaki
donya anyar kang edi-peni
Amung amba tan ana kanthi
wit rumpil margi kang kudu denupadi
krana wirama napas lan gilig ing tyas
Asung sembah lan manembah
aneng pepadane Allah...
‪#‎mediasi_sukma_sejati‬
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!